31
Bathara Goeroe énggal mbagèkaken: „Kakang Kanékapoetra, dakdeleng gita tekamoe ing kéné, apa ana gawémoe?” Atoer wangsoelanipoen Sang Kanékapoetra: „Koela dikéngkén ing poetra sampéjan, Sang Nata ing Mendhangkamoelan, dikén ngatoeraké toja, nikoe medal saking dangoené kagoengan sampéjan kadjeng arén.” Pangandikanipoen Batara Goeroe: „Mara kakang, oengkabana toetoepé.” Sang Kanékapoetra énggal ngoengkabi, doemadakan tojanipoen mantjoerat njiprati lambénipoen, kinetjapan ladjeng witjanten: „Rasané déné kok patoet temen karo kang doewé rasa.”
Baṭara Goeroe ing batos sanget ing doekanipoen, ananging
sinamoen agegoedjengan. „Wong ala ora kena jèn ginawé betjik.” Sakala Sang Kanékapoetra asantoen warni, lambénipoen njamèh, oentoenipoen gingsoel, bokongipoen njantik, toewin swaranipoen malih. Sanget ndadosaken kagétipoen, noenten neda katja. Sareng ngilo soemerep ing roepinipoen, ladjeng matoer dateng Batara Goeroe: „Kénging napa koela santoen warni sanget awon kados ngèten?” Wangsoelanipoen Batara Goeroe: „Pantjén woes karsané kang Mahapasti, mangsa bisaa poelih manéh. Samengko kowé dadi déwa kabajan, sarta salin aran Batara Narada, awit kaja lakoening barat, kagepok kaja wong édan.”
Kotjapa garwanipoen Batara Goeroe, ingkang anama Batari Oema, kalanipoen Déwi Tisnawati taksih gesang, kawon arebat sih. Sasédanipoen Déwi Tisnawati, sanget bingah ing manahipoen.Woesana Déwi Tisnawati noeksma ing redjeki ḍinahar ing Batara Goeroe saha para ratoe. Déwi Oema sanget netah sariranipoen, ing batos saklangkoeng mèri. „Ora kajaa awakkoe, déné kok ora kaja Déwi Sri nitis dadi ketan, Tisnawati dadi pari.” Dèwi Oema ladjeng ndedonga, ingkang tineda rinten daloe moegi-moegi tinedaa déning ingkang ageng-ageng. Wekasan Dèwi Oema nitis dados roempoet djedjawan.
Katjarijos ingkang mangoen tapa, Ki Poeṭoet Djantaka, poenika katah anakipoen awarni sato kéwan.