Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

23

poetra dèrèng ngantos, matoer ngawonaken Hjang Antaboga, sampoen soemerep Hjang Antaboga kepanggih wonten ingrikoe, sirahipoen kalenggahan ing Batara Goeroe. Hjang Kanékapoetra énggal noedingi sarwi wengis pangoetjapipoen: „Ija bener ora nana manèh wong kang sekti kaja kowé, déné keliwat temen olèhmoe madjanani.” Batara Goeroe énggal njelani pangandika: „Kakang, adja dadi atimoe, njata banget sisipé si Antaboga, nanging saiki ndjaloek pangapoeramoe. lan pangaksamané para déwa kabèh.” Sang Kanékapoetra sareng mireng pangandikanipoen Batara Goeroe, ladjeng kèndel sanget kagolipoen.

 Batara Goeroe alon pangandikanipoen dateng Antaboga: „Hèh Antaboga, samengko tjetjoepoe manik Astagina soenpoendoet.” Sang Antaboga énggal angatoeraken tjetjoepoe waoe dateng Batara Goeroe. Sareng ingoengkaban boten kénging, binikak sarosanipoen wanti-wanti meksa tanpa damel, tjetjoepoe boten saged menga. Batara Goeroe noenten ngandika dateng Sang Kanékapoetra: „Kakang, mara oengkabana tjetjoepoe iki!” Tjetjoepoe ladjeng ingoeloengaken, sasampoenipoen tinampènan énggal winengkang sapisan kaping kalih tanpa wasana. Pamengkangipoen dipoen ambal-ambali mawi ngetog karosan, tjetjoepoe meksa boten saged menga. Sareng sampoen tita boten kénging, ladjeng dipoen oeloengaken dateng Batara Wisnoe. Winengkang-wengkang meksa boten kénging, ladjeng dipoen soekakaken dateng para déwa. Ingrikoe tjetjoepoe kabikak gentos-gentos waradin, meksa boten saged menga.

 Batara Goeroe ladjeng nantoen dateng Sang Kanékapoetra: „Kakang, saiki kaprijé kang dadi karepmoe?” Atoeripoen Sang Kanékapoetra: „Tjetjoepoe nikoe onten sing nggadahi, milané enggih si Antaboga mawon kadawoehana mbikak, mokal jèn boten sageda.” Sang Antaboga énggal matoer dateng Batara Goeroe: „Poekoeloen, tjetjoepoe poenika kawoela namoeng darmi gadah, menga minebipoen kawoela boten soemerep.” Batara Goeroe wekasan saklangkoeng kéwran ing panggalih, dangoe kèndel boten saged ngandika. Ladjeng aneges ing karsanipoen ingkang moerbèng boewana. Sasampoenipoen ngeningaken tjipta, tjetjoepoe sinangga la-