22
asilih oengkih. Hjang Tamboeroe koewel kalijan Hjang Koewéra, Hjang Tjandra tetoeloeng, Hjang Tamboeroe dipoen betot paringsilanipoen, Hjang Tjandra sambat-sambat neda toelong, temboengipoen: „Hé kantja, kéné enggoné Retnadoemilah, ananging dakdjoekoek isih banget angèlé.” Enggal linoeloengan ing Hjang Jamadipati, temahan Hjang Tamboeroe djola-djola sarwi sesambat, swaranipoen ngaroe-ara awit kasakitan. „Adoeh bijoeng, mati akoe. Si Jamadipati miloe kaparat, teka miloe mbetot paringsilan.” Batara Jamadipati soemaoer: „Doedoe paringsilan, ija iki tjetjoepoe manik Astagina.” Hjang Tamboeroe mripatipoen saja malirik. Batara Wisnoe anjelani, seroe witjantenipoen: „Kowé kabèh ora nana idep isin, kebangeten, déné pada ora weroeh jèn dibangoes ing sektiné si Antaboga.” Para déwa ladjeng sami goemoedjeng, salebeting goemoedjeng wirangipoen kados pedjah-pedjaha. Witjantenipoen Sang Kanékapoetra: „Djawané ora nana sing sekti kadjaba moeng batangé Antaboga, déné pada kantja diedoli kasektèn.”
Sang Kanékapoetra ladjeng aparéntah dateng saroepining para déwa: „Si Antaboga prajogané oesoengen menjang swarga! Déné pangoesoengé kaja pangoesoengé goenoeng Djamoerdipa.” Hjang Brama toemoenten dados salang, Hjang Endra dados tangsoel, Hjang Bajoe dados pikoelan, Hjang Wisnoe ingkang ndjoendjoeng. Hjang Antaboga ladjeng kaangkat, dinèkek ing salang tinrap ing pikoelan, noenten rinembat dateng para dwa kabekta moemboel dateng langit pepitoe. Lampahipoen para djawata kados tafit, boten antawis dangoe sampoen medal saking boemi sap pitoe. Hjang Antaboga tansah rinembat, anèhipoen déné sangsaja kalong, saja dangoe saja alit, wasana moesna saking pikoelan.
Sang Kanékapoetra sanget nepsoenipoen, kewedal pangoewoes-oewoesipoen. „Ora tallah angkoehé si Antaboga, déné bisa temen gawé wirang ing sapada-padaning aoerip. Ora soeka ora lila banget akoe, kaja wong diisin-isin. Masti bakal dakatoeraké marang Hjang Batara Goeroe, dangdang dakoenèkaké koentoel, koentoel dakoenèkaké dangdang.” Para déwa ladjeng lampahipoen sarwi gegantjangan. Let watawis dangoe doemoegi ingarsanipoen Batara Goeroe. Sang Kanéka-