21
doemoenoeng ing jetjoepoe manik, déné tjetjoepoe manik poenika boten kénging pisah kalijan koela. Bilih Retnadoemilah kapoendoet, inggih kabektaa kalijan koela, nanging émanipoen déné koela boten saged loemampah pijambak dateng swarga.”
Sang Kanékapoetra soegal wangsoelanipoen: „Hèh Antaboga, tjalatoemoe kaja ora prasadja, sapa bisa ngoesoeng kowé, prasasat ngoesoeng djagad. Moenggoeh karepkoe kowé loemakoea déwé menjang swarga." Hjang Antaboga kèndel boten mangsoeli, badanipoen lineker ladjeng tilem kados pedjah. Pratandanipoen gesang déné taksih keketegipoen, sampoen itjal pikadjenganipoen, makaten oegi sirna maras saha adjrihipoen.
Sang Kanékapoetra witjanten: „Karepmoe ikoe kaprijé, adi Antaboga, déné teka malah arep toeroe.” Batara Wisnoe boten samar, énggal matoer dateng Sang Kanékapoetra: „Poen Antaboga poenika watawis koela adamel paékan, sampéjan ingkang dipoen ajoni.” Sang Kanékapoetra soemamboeng: „legese si Antaboga madjanani, tjotjoté ngabangaké rai.” Sang Kanékapoetra ladjeng maréntahi dateng sawarnining para déwa ingkang saweg sedeng-sedeng ing damel. „Adja pidjer meneng baé, ajo, goewa-garbané si Antaboga pada diobrak-abrik.”
Katjarijos agengipoen Hjang Antaboga, amoeket ing ngalam donja temoe-gelang boten kirang boten langkoeng. Lènging iroengipoen tjatjahipoen kawan dasa, satoenggal- satoenggalipoen lampahan kalih woelan. Para djawata énggal toemandang, sami arebat roemijin, ladjeng mlebet ing goewa-garbanipoen Sang Antaboga. Wonten ingkang mlebet ing irong, wonten malih ingkang mandjing ing koeping. Sadaja tinaloesoer ingosak-asik, mbok manawi Retnadoemilah karawatan ingrikoe. Sampoen gemet anggenipun sami ngoepadosi ing badanipoan sakodjoer, ewadene Retnadoemilah meksa boten kepanggih.
Panglotjitanipoen Hjang Antaboga: „Para déwa pada lalia ing kaélingané, lan pada koewoerbingoenga kabèh, apa manèh sédjéa pandelengé.” Boten antawis dangoe para déwata ladjeng sami gredjegan kalijan kantjanipoen pijambak, ramé