Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

18

paréntahé si kakang Kanékapoetra, masti ora bakal soenakoe poetra.” Atoeripoen para déwa sadaja sandika.

 Atoeripoen Sang Kanékapoetra dateng Batara Goeroe: „Kang kapirengaké ing Sang Hjang Wisésa waoe, enggih nikoe karsané Hjang kang tan onten, milané sadaja sami pinaringan tetimbangan, gandap timbangan nginggil, boemi kalih langit, kilèn kalih wétan, lèr kalih kidoel, saganten kalih redi, latoe kalih toja, padang kalih peteng, rahina kalajan daloe, srengéngé kalajan remboelan, moeng lintang sing tanpa timbangan, djaler timbanging èstri, bapa kalih bijoeng, kaki kalih nini, paman kalajan bibi, bilai kalajan slamet, koemed kalawan loma, moeng oewa tanpa timbang, dados oewa timbangané lintang, sadèrengé empoen pinasti-pasti ing laminé, awit énggal kang katjedak ing Sang Hjang Pramèsti.”

 Batara Goeroe ngandika: „Ajo kakang Kanékapoetra moenggah menjang Swarga Loka!” Atoer wangsoelanipoen Sang Kanékapoetra: „Enggih engga énggal mangkat!” Lampahipoen ing margi boten katjarijos, sampoen ndoengkap ing swarga, ladjeng sami tata lenggah ing Balé Martjoekoenda. Sadangoenipoen pinarakan Batara Goeroe awas aningali tanganipoen sang Kanékapoetra ginegem kémawon, pangandikanipoen Batara Goeroe: „Kakang, sabab apa sasoewéné pada loenggoehan, pandelengkoe tanganmoe kokgegem baé.” Atoeripoen Sang Kanékapoetra: „Sing koela gegem niki arané Retnadoemilah, ratoening sesotya, kabina-bina kasektèné, sing oggadahi lepat ing arip loewé, boten teles mandjing ing toja, kabesmi boten panas.” Pangandikanipoen Batara Goeroe: „Kakang, akoe kepéngin weroeh.” Wangsoelanipoen Sang Kanékapoetra: „Nggih engga, nanging niki sanget landepé, tjinepeng ing asta maroetjoet, oetawi mbotolaké ing asta, saklangkoeng rikat ing dawahé.” Wangsoelanipoen Batara Goeroe: „Ija kakang, nanging akoe kepéngin arep soemoeroep, oentjalna akoe kang nampani, lan saroepané déwa kabèh pada djaganana ing plesatél” Atoeripoen Sang Kanékapoetra: „Nggih engga, nanging diatos-atos!”

 Retnadoemilah toemoenten kaoemboelaken, Batara Goeroe nanggapi kalijan asta kalih, nanging dawahipoen Retnadoemi-