17
karepaké? Ija wis katarima, soen-toeroeti sapandjalockira. Jèn sira arep rabi, ingsoen soegih prawan ajoe-ajoe, toer pada sregep ing gawé. Kebat pada tontonana, pilihen kang dadi senenging atinira!” Sang pandita dipoen pangandikani makaten boten ébah boten singgoen, inggih taksih ngétja-étja apitekoer. „Ija ingsoen woes weroeh kang dadi karepira, tanpa gawé ingsoen djoemeneng Batara Goeroe, dadi ratoening swarga, jèn ora soemoeroep sadoeroengé winarah. Moelané sira tapa, karepira arep amadani ingsoen. Nanging banget anglengkara kawoela madani goesti, tapaa sèwoe taoen. Ingsoen tanpa tapa wis pinasti sarira ningsoen dadi ratoening swarga. Ora nana lijané moeng ingsoen déwé kang toewa. Ana kang ngoengkoeli djeneng ingsoen, ija ikoe tédja lan tjahja wening. Ana manèh kang ngoengkoeli ikoe, ija ikoe boemi lan langit. Ikoe ana maneh kang ngoengkoeli, ija ikoe Sang Hjang Wisésa, moeng ikoe kang ora nana ngoengkoeli toewané.”
Sang Kanékapoetra ndjoemboel sarwi goemoedjeng latah- latah, ladjeng witjanten: „Koela aran Bagawan Kanékapoetra, empoen weroeh jèn ndika Batara Goeroe, goeroening déwa. Ananging jèn kawroeh ndika namoeng samonten mawon, nikoe dèrèng waspada sadjatining toenggal. Sang Hjang Wisésa kinira toewa déwé, nikoe masti loepoet, ten woeroeng ndika sinikoe teng Sang Hjang kang masésa. Kalané teksih awang- oewoeng, boemi langit dèrèng onten, kang onten roemijin napa? Sing oeniné melingi kados genta dipirengaké ing Sang Hjang Wisésa, milané Sang Hjang Wisésa pinaringan pamireng. Pamireng nikoe satemené dados tanda, pratandané jèn empoen onten kang mengkoe, déné kang mengkoe nikoe sinten?”
| Jav. Leesboek | 2 |