16
witjantenipoen soegal: „Satemené wong kang kaja kowé ikoe dakarani ngadjap tjilaka. Kang kokenggoni iki boeminé sapa. déné ora ndjalock lilané kang doewé boemi. Jèn sing doewé boemi ora lila, tapamoe masti ora dadi, dadiné pandita ngajawara.” Hjang Samboe dateng kalijan nepsoe sarwi mbekta kendi, sang tapa ginaroedjoegan toja, nanging boten teles déning toja. Hjang Tjandra sanget nepsoenipoen, ladjeng njandak saloekoen. Sang pandita noenten ginitikan, nanging woeloenipoen satoenggal boten ébah. Sang wikoe ladjeng tjinandak ing Batara Bajoe, sinabetaken ing tjoeri, séla temah petjah amarapitoe, nanging sang pandita boten babak babar pisan. Batara Brama toemoenten njipta latoe, agengipoen kados badé soendoel langit. Sang tapa waoe sampoen dipoen besmi, panjananipoen para déwa sang wikoe masti dados awoe. Dangoe-dangoe itjal oeroebing latoe, sang pandita malah ketingal kados mas sinepoehan, ndadosaken éraming para djawata.
Para déwa énggal njandak dedamelipoen, tjakra, koenta, panah, arda, dadali, nenggala, limpoeng, pasopati toewin trisoela, ladjeng sami katamakaken dateng sang tapa, dawahipoen saéngga djawah. Sadaja sami dawah ing sangadjengipoen sang pandita, boten pisan nggepok ing badanipoen. Temahan para déwa sami mérang sadaja, sampoen roemaos boten kedoegi nggoda sang maratapa. Ladjeng bibar sareng moendoer soemedya ngatoeri oeninga dateng Batara Goeroe.
Ing margi boten kawarni, lampahipoen para déwa sampoen doemoegi ingarsanipoen Batara Goeroe, ladjeng sami matoer saha sembah: „Poekoeloen, kawoela sampoen ngèstokaken dawoeh padoeka nggoda ingkang mangoen tapa, ananging boten angsal damel, awit kabina-bina maha-sektinipoen, sakatahipoen kantja déwa sami pegel manahipoen. Sang tapa saèstoe nelasaken ing goena pratingkah, tapanipoen malih sageda badar, linggihipoen kémawon boten saged ébah.”
Batara Goeroe saklangkoeng gawok, alon pangandikanipoen: „Ajo ingsoen kang loemakoe déwé.” Batara Goeroe ladjeng mangkat. Sadoemoegining ingadjengipoen sang tapa alon pangandikanipoen: „Heh, sira tapa ikoe apa kang sira