Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

14

Batara Goeroe: „lja jèn ingsoen goroh sarira ningsoen sakarepira.”

 Sang Kamasalah énggal mendak, njembah ingarsanipoen Batara Goeroe. Batara Goeroe énggal mbedol ramboetipoen Sang Kamasalah kalih lembar. Sang Kamasalah sanget ndjoemboel saha toemenga. Batara Goeroe énggal njandak sijoengipoen kalih pisan ladjeng kadjaboed. Ladjeng dipoen goeweg lambénipoen, oepasipoen kénging sadaja, noenten winadahan ing tjetjoepoe Astagina dipoen mor kalijan Tjalakoeta. Déné sijoengipoen kalih, ingkang satoenggal dados panah limpoeng, ingkang satoenggal dados panah nenggala. Nenggala saha limpoeng waoe satoenggal-satoenggalipoen wawrat pitoeng atoes katos. Wondéné ramboetipoen kalih lembar waoe sampoen dados kendengipoen panah Pantjawéda.

 Batara Goeroe ladjeng ngandika: „Kamasalah, sira soenarani Batara Kala.” Sang Kamasalah njembah matoer sandika.

 Batara Goeroe sasampoenipoen ngandika, sanget doekanipoen dateng Batari Oema, enggal tjinandak ladjeng sinoengsang. Batari Oema ndjerit, panangisipoen kados soendari tinradjang ing angin ageng. Koemandangipoen Batari Oema karsanipoen ingkang Mahapasti dinadosaken boeta èstri, ladjeng dipoen djodokaken kalijan Batara Kala. Batara Kala saha bodjonipoen toemoenten kaprenahaken ing kajanganipoen wonten ing Noesakambangan. Sasampoenipoen manggen ingrikoe, sanget sih loeloetipoen anggènipoen sami djedjodon. Batari Oema sanget pratobatipoen, sampoen dipoen apoenten dateng Batara Goeroe.

III

 Katjarijos Batara Goeroe maréntahi Batara Brama toewin Sang Hjang Wisnoe, sami kadawoehan noempesi ingkang dados reregeding boemi. Anakipoen Remboetjoeloeng katahipoen kawan dasa sampoen sami tinoempesan sadaja, namoeng dipoen kantoenaken satoenggal, anama Poetoet Djantaka. Mila boten tinelasan, awit amaratapa manoet ing salampah-lampahing manoengsa.