10
manoengsa, nama Bramakedali. Winoeroekan mandé sampoen saged, aparon dengkoel, asoepit daridji, asepoeh idoe. Empoe Bramakedali anak-anak djaler, nama Empoe Anggadjali. Empoe Anggadjali anak-anak djaler, nama Empoe Sangkaadi. Empoe Sangkaadi mlebet agami Islam anjabat ing Kangdjeng Nabi. Saking pamoersalipoen kadoekan, ladjeng njoewoen pangapoenten akatah-katah, nanging namoeng dipoen lilani kémawon mantoek dateng tanah Djawi. Empoe Sangkaadi poenika ingkang mentjaraken aksara Djawi.
Kotjap lampahipoen para déwa, boten kandeg teroes mangétan. Wonten malih sitinipoen ingkang gigal saderekan, dados redi Lawoe. Wonten malih ingkang dawah sakadelé, dados redi ing Kadiri. Redi Djamoerdipa sakantoenipoen sitinipoen dipoen pandoem kawaradinaken, binoetjal mangétan saha mangalèr, dados redi Moerja, redi Pandan, redi Bantjak, redi Sokarini, redi Doelangan toewin redi Keloet, déné poetjakipoen dados redi Semèroe, mila redi Semèroe poenika agengipoen anglangkoengi, kados meh soendoel langit.
Para déwa ladjeng sami wangsoel soemedya séba ingarsanipoen Batara Goeroe. Batara Goeroe noenten aparéntah dateng para déwa, andikakaken ngoepados kadjeng, séla toewin siti ingkang sami mawi tédja, badé kadamel swarga ingkang linangkoeng.
Allah tangala nitahaken Balé garas, Batara Goeroe damel Balé Martjoekoenda. Allah nitahaken Swarga Pirdaos, Batara Goeroe nitahaken Swarga Loka. Allah nitahaken Joemani, Batara Goeroe nitahaken Kekawah. Allah nitahaken Naraka Waéloel, Batara Goeroe adamel Endoet Blegedaba. Allah nitahaken Wot Siratalmoestakim, Batara Goeroe adamel Wot Ogal-agil. Allah nitahaken malaékat, Batara Goeroe adamel déwa. Sadaja pitoetoer saha karsanipoen Goesti Allah, rinakit tinimbangan sadaja.
Balé Martjoekoenda sampoen dados, pepak kados ing kaswargan, katahing widadarinipoen saketi poendjoel satoenggal, nama Batari Ratih. Batara Goeroe kagoengan garwa, nama Batari Oema. Swarga sampoen dados saha pepak saisinipoen sadaja, bagoesipoen boten wonten ingkang nimbangi.