Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9

Batara Sakri sampoen karebat, ananging badanipoen ngaloemproek. Wasana sakatahing déwa sami miris manahipoen.

 Batara Bajoe madjeng ladjeng atjengkah oedreg-oedregan. Sami rosanipoen, soeroeng-sinoeroeng, tjandak-tjinandak bangkèkanipoen, agentos djoendjoeng-dj inoendjoeng, boetjal-binoetjal. Empoe Ramadi binoetjal tebih dawah ngadeg, ladjeng wangsoel djagoer-djinagoer, doegang-dinoegang, sami rosanipoen, adangoe boten wonten ingkang kawon. Dangoe-dangoe Batara Bajoe kénging katjandak baoenipoen, saéngga boten saged polah. Ladjeng dipoen rebat dateng para déwa, boten dangoe sampoen karebat. Empoe Ramadi tjoewa anggènipoen badé mbanting, mila sangsaja sanget ing nepsoenipoen.

 Batara Brama witjanten: „Jen kaja mangkono ikoe, si Empoe Ramadi betjik dikrojok ing akèh, pira rosané wong sidji, nanging poma, sidji adja ana kang loemajoe.”

 Empoe Ramadi mireng jèn badé dipoen krojok ing katah, ladjeng njandak dedamel, sarwi asesoembar: „Ija akoe pada kroeboeten, nanging jèn kena ing panahkoe, ora woeroeng kowé dadi banjoe. Kowé ikoe pada soemoeroepa, jèn olehkoe gawé gegaman iki doedoe karepkoe déwé, satemené karsané Batara Goeroe, jèn wis dadi ija kowé kang ndoewèni.” Sareng para déwa mireng sesoembaripoen Empoe Ramadi, Batara Wisnoe ladjeng witjanten: „Satemené kantja iki pada koerang pariksané, masti kantja iki kabeh pada olèh dedoekané Batara Goeroe.”

 Boten antawis dangoe Batara Goeroe rawoeh, nitih lemboe Andini, tjahjanipoen goemilang-gilang kados tatit. Pangandikanipoen: „Adja pidjer padoe, kebat djoendjoengen goenoeng Djamoerdipa ikoe! Jen djagad iki woes warata goenoeng ikoe, sira soen-gandjar banjoe pangoeripan, sawabé ora kena lara pati.” Para déwa énggal sami toemandang, njandak pikoelan rebat roemijin. Redi Djamoerdipa sampoen kadjoendjoeng, medal ing awang-awang. Wonten sitinipoen ingkang rentah kalih kepel, ndawahi parapènipoen Empoe Ramadi, ladjeng dados redi djadjar kalih, inggih poenika redi Merapi toewin redi Merbaboe.

 Empoe Ramadi ngemoraken waos pamor dipoen tjipta dados