Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8

swarga, ingkang damel Empoe Ramadi. Katah warninipoen jèn katjarijosna sadaja.

 Para déwa toemoenten sami soemerep Empoe Ramadi ngétja-étja boten toemoet ngoesoeng redi, pidjer njamboet damel pijambak. Pangoenandikanipoen para déwa: „Empoe Ramadi baja olèh pangadjané sapa, déné ora mèloe ngoesoeng goenoeng. Pagawéan iki pada kerigan, larangan njamboet gawé gawéné déwé. Apa ora ngroengoe warta jen para déwa pada ngoesoeng goenoeng gedéné angloewihi, déné ora djamak teka ngénak-énak amemaloe. Si Empoe Ramadi amemanas ati, ambeké kaja wong ora kaparéntah, déné kaja wong lanang déwé.”

 Batara Brama alon witjantenipoen: „Déné teka keloréhan, si Empoe Ramadi betjik dirajah saradjakajané, jèn arep bangga dibanda, jèn rosa bandjoer dipatèni, gek sapa kang pradoeli.”

 Batara Tjandra ngroemijini moeroegi, sadatengipoen ing ngadjengipoen Empoe Ramadi ngadeg kémawon, ladjeng witjanten soegal. Saking sangeting nepsoenipoen, lambénipoen goemeter, ladjeng jentak: „Koepingmoe ora ngroengokaké, matamoe pidjer maleleng ora ndedeleng, jèn saiki ana pagawéan ngoesoeng goenoeng, ora kena nggarap gawéné déwé, kowé ikoe pidjer ngénak-énak mandé.”

 Batara Tjitragotra dateng ladjeng nggeloet. Batara Tamboeroe dateng ladjeng nebah dadanipoen Empoe Ramadi. Empoe Ramadi djoemboel, ladjeng nepsoe, roemaos dipoen temeni. Empoe Ramadi poenika sekti, ladjeng ngelar baoenipoen, badanipoen medal koekoes, kringetipoen bentèr kados wedang oemob, aloenjoe dipoen tjepeng maroetjoet kados dipoen lisahi. Para déwa sami keplesat, wonten ingkang kongseb, sawenèh dawah angatang-atang. Déwa ingkang sampoen toemandang sami loemadjeng agiris. Batara Sakri ladjeng bramantya, Empoe Ramadi pinapagaken. Arame yepeng-tinepeng, biti-biniti, djenggit-djinenggit, ramé anggènipoen sami ngaben karosan. Boten wonten ingkang asor, sami rosanipoen. Batara Sakri panoedjoe kedjengkang, enggal tjinandak bangkékanipoen, kadjoendjoeng wonten inginggil dipoen oebengaken, ladjeng dipoen rebat ing para déwa.