Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6

noeng." Batara Wisnoe ladjeng atiwikrama, agengipoen nglangkoengi redi, Batara Bajoe dados pikoelan, Batara Endra ingkang dados tetangsoelipoen. Sasampoenipoen salang dipoen trap, tinangsoelan ing pikoelan, ladjeng rinembat ing déwa sadaja medal ing awang-awang. Sang Hjang Soerja saking sangeting anggènipoen ningali, déwa-déwa sami kebentéran, satemah sanget ing kasatanipoen, badé ngombé boten wonten toja. Sang Hjang Goeroe noewèni. Sarawoehipoen Batara Goeroe, para déwa sami somerep wonten toja ingkang medal ing lamboenging redi. Déwa dèwi, batara batari sadaja sami agahan ing pangombénipoen, dalasan Batara Goeroe toemoet ngoendjoek. Sasampoenipoen ngombé sadaja pedjah, boten wonten ingkang klangkoengan. Namoeng Batara Goeroe ingkang boten séda, awit toja ingkang kaoendjoek dèrèng klebet ing padaran ladjeng dipoen lepèh sarwi ngandika: „Angker temen banjoe iki.” Poenika milanipoen Batara Goeroe nama Nilakanta, awit tenggokipoen petak, sabab kalanipoen ngoendjoek toja, toja waoe sajaktosipoen dédé toja, nanging goeroenipoen oepas, nama Hjang Tjalakoeta.

 Batara Goeroe ladjeng priksa toja ing poetjaking redi, ambetipoen sanget gambar legi awangi. Batara Goeroe sareng mambet toja poenika, sariranipoen ladjeng dados seger, pangandikanipoen: „Amboené banjoe iki banget ngénaki awak.” Kala samanten Sang Hjang Wisésa noeroeni swara: „Ija ikoe kang diarani Tirtamarta Kamandaloe. Ija ikoe kang saka ing Hjang sanjatané, ikoe banjoe oerip, pangoeripaning saroepané kang pada oerip kabeh. Lan maningé kajoe kang ireng ikoe aran kajoe sandilata, ikoe samoebarangé kabèh ija dadi pangoeripané déwa dèwi, batara batari, ratoe satrija boepati lan sakèhing manoengsa, apadéné boeta oela manoek, djim sétan, saisiné sagara, kabèh isiné djagad, kaoeripané saka ing kajoe ikoe. Sabab anané disik kajoe ikoe karo anamoe, moelané déwa kabèh pada kena ing lara pati, awit ora weroeh ing rasané banjoe oerip. Sing sapa wis ngombé banjoe oerip ikoe bakal loepoet ing lara pati.”

 Sasampoenipoen tetéla pamirengipoen Batara Goeroe, énggal ngoendjock toja gesang poenika, sarwi moendoet winadahan ing joepoe manik Astagina. Menggah raosing toja poe-