5
„Inggih Goesti, sampoen kapariksa ingkang ndadosaken miringipoen djagad poenika. Wonten redi glangkoengi agengipoen, doemoenoeng ing sapinggiring djagad ingkang kilèn tjaket saganten.” Batara Goeroe ngandika dateng para déwa sadaja: „Goenoeng ikoe pada doengkaren, oesoengen menjang djagad wétan, di-énggal pada mangkata!” Para déwa sampoen sami mangkat sadaja. Batara Goeroe ngandika dateng déwa satoenggal anama Empoe Ramadi: „Kowé adja mèloe ngoesoeng goenoeng Djamoerdipa! Kowé dakwèhi pagawéan lija, agawéa gegamaning swarga!” Atoeripoen Empoe Ramadi: „Sandika poenapa ing saparéntah.”
Wonten malih ingkang kotjap, ing tjarijos, Batara Dremadji moedja samadi, poenika apepoetra kakoeng anama Tjatoerkanaka. Tjatoerkanaka ladjeng mbentoeraken tapanipoen, sampoen katrimah, sabarang tjiptanipoen dados, saba-rang kasektènipoen ingkang rama sampoen sinaménan.
Sang Hjang Tjatoerkanaka moedja samadi, ladjeng apepoetra kakoeng abagoes roepinipoen, namanipoen Sang Kanékapoetra. Poenika wiwit lairipoen sampoen pinasti pinter tanpa woeroek. Ingkang rama paring moestika satoenggal nama Retnadoemilah, linangkoeng kasektènipoen. Sang Kanépapoetra ladjeng kadawoehan tapa dateng ingkang rama. Sang Kanékapoetra ladjeng glampahi tapa, mlebet ing saganten mbekta Retnadoemilah. Tapanipoen mbisoe, lenggah apitekoer, jampoernakaken sariranipoen, boten karsa dahar saha ngoendjoek toewin boten kraos arip. Retnadoemilah dipoen amboeng, poenika ingkang ngitjalaken loewé, kasatan saha aripipoen. Toewin malih pangwasanipoen Retnadoemilah waoe, boten teles loemebet ing toja, saha boten kraos bentèr mandjing ing latoe. Sang Kanékapoetra sampoen angraga socksma wonten ing telenging saganten.
Kotjapa sakatahing para déwa ingkang badé sami ngoesoeng redi, medal ing gagana sampoen sami doemoegi ing panggénaning redi Djamoerdipa. Déwa dèwi, batara batari sadaja aramé sami ginem raos menggah ing pangoesoengipoen redi waoe. Batara Brama énggal ngandika: „Jèn pinikir baé tanpa wekasan. Ija akoe kang dadi salangé, si Wisnoe kang mbréngkal, soepaja kenaa kadandanan sangisoring goe-