Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4

 Katjarijos poelo Djawi taksih gondjing déning toja, Batara Goeroe ladjeng djoemeneng angeningaken tjiptanipoen, toemenga manginggil, milanipoen langit kandel sap pitoe; toemoengkoel tingalipoen mangandap, milanipoen boemi kandelipoen sap pitoe. Djagad boemi kapisan rineksa Iboe Pratiwi. Djagad boemi kaping kalih rineksa Bagawan Koesika. Djagad boemi katiga rineksa Batara Ganggang. Djagad boemi kaping sakawan rineksa Batara Sindoela. Djagad boemi kaping gangsal rineksa Hjang Darampalan. Poenika katah anakipoen, awarni tigang prakawis. Pambadjengipoen aroepi kowangan, panggoeloenipoen awarni garangan, woeragilipoen aroepi sawer. Sawarnining sawer isen-isèning boemi poenika toeroenipoen Darampalan. Ananging samangsanipoen Hjang Darampalan kelimpé, sawer waoe dipoen teda ing kowangan oetawi ing garangan, dados dipoen mangsa dateng sadèrekipoen sepoeh pijambak. Sareng Hjang Darampalan soemerep, jèn anakipoen sepoeh kowangan toewin garangan sami mangsa ing saderèkipoen anèm ingkang aroepi sawer, Hjang Darampalan sanget ing nepsoenipoen. Anakipoen kekalih ingkang awarni kowangan saha garangan sami dipoen toendoeng. Inggih ladjeng késah, ananging kalijan sesoembar: „Oela, kowé kabèh ketemoea ingendi baé, wis masti dadi pangankoe.” Mila doemoegi samangké kowangan saha garangan sami neda sawer. Djagad boemi kaping nem rineksa Sang Bagawan Manikara. Djagad boemi kapitoe kareksa Batara Antaboga. Poenika ingkang minangka ratoenipoen para déwa toewin saisinipoen boemi kapitoe poenika waoe sadaja.
 Kotjapa Batara Goeroe, poelo Djawi karsanipoen pinakoe ing redi, soepados sampoen saged bah-ébah. Batara Goeroe ladjeng djoemeneng ngeningaken tjiptanipoen, noetoepi babahan nawasanga. Boten antawis dangoe wonten redi dados tanpa sangkan ing sapinggiring djagad kilèn, ngéram-éramaken agengipoen, ladjeng kaparingan nama redi Djamoerdipa. Poelo Djawi sampoen tetep boten ébah-ébah katradjang ing toja, ananging sanget miringipoen, ingkang wétan meh soendoel ing akasa.
 Batara Goeroe ngandika dateng para déwa: „Sabab apa moenggoeh miringé djagad iki?” Atoeripoen para déwa sadaja: