3
sanget polahipoen djoemboel-djoemboel. Tédja saha tjahja ngantos boten loemampah, dados boten wonten rinten kalijan daloe.
Batara Goeroe ngandika: „Hèh, tédja lan tjahja ening. saiki kowé tampa paréntahé Sang Hjang Wisésa, kowé pada dikarsakaké madangi djagad. Anadené lakoemoe, tédja lang tjahja, agegentènan, nanging kowé tjahja, nganggoa soeda moendak, wiwit moendak kongsi toemeka limalas dina mepeg gedémoe, toemoeli wiwit soeda toetoeg limalas dina. Dadi wiwit moendak lan soedamoe genep teloeng poeloeh dina, bandjoer menenga ing sadjroning banjoe! Tédja, kowé loemakoea rahina, jèn wis toetoeg sadina, ngendema sadjroning geni! Anadéné kowé, tédja, ora nganggo moendak soeda ing salawas-lawasé.”
Batara Goeroe ladjeng adamel déwa sanga. Ingkang wonten ing djagad wétan nama Batara Mahadéwa, batarinipoen Dèwi, pekenanipoen Legi, kitanipoen salaka, peksinipoen koentoel, sagantenipoen santen, aksaranipoen ha na tja ra ka. Ingkang wonten ing djagad kidoel nama Batara Samboe, batarinipoen Siwagnjana, pekenanipoen Paing, kitanipoen tembagi, sagantenipoen rah, peksinipoen woeloeng, aksaranipoen da ta sa wa la. Ingkang wonten ing djagad kilèn nama Batara Kamadjaja, batarinipoen Ratih, pekenanipoen Pon, kitanipoen mas, sagantenipoen maben, peksinipoen kapodang, aksaranipoen pa da dja ja nja. Ingkang wonten ing djagad lèr nama Batara Wisnoe, batarinipoen Sri, kitanipoen tosan, sagantenipoen nila, pekenanipoen Wagé, peksinipoen gagak, aksaranipoen ma ga ba ta nga. Ingkang wonten ing djagad tengah nama Batara Bajoe, batarinipoen Soemi, kilanipoen paroenggoe, sagantenipoen wédang, pekenanipoen Kaliwon, peksinipoen gogik, aksaranipoen sadasa: 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0. Pritandjala ingkang wonten ing djagad lèr-wétan, aksaranipoen ebja-ebja. Koewéra ingkang wonten ing djagad kidoel-wétan, aksaranipoen narasoenja. Mahajakti ingkang wonten ing djagad kidoel-kilen, aksaranipoen ganéja. Ingkang wonten ing djagad lèr-kilèn Batara Siwah, aksaranipoen noerwiti. Sampoen pepak batara sanga.