Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sampoen leres, nanging lairipoen taksih sasab, awit taksih nglenggahi wataking satrija. Lair batos sampoen kados satoe moenggèng rimbagan. Sasampoenipoen kawedjang ḍateng Déwaroetji, ladjeng poetoes ing kawroeh, wekasan dados djanma oetami.

Arja Séna ladjeng wangsoel ḍateng nagari Ngamarta. Ing margi boten katjarijos, boten antawis dangoe lampahipoen sampoen doemoegi ing tepis iringpoen nagari Ngamarta. Ladjeng ndjoedjoeg ḍateng salebeting kaḍaton, kepanggih kalijan ingkang raka, Sang Praboe Joeḍisṭira, saha Sri Nata Kresna ingkang kala samanten taksih makoewon ing poera. Para raji Radèn Danandjaja, Radèn Nakoela saha Radèn Sadéwa, sagarwa-poetra toewin para kadang sami katimbalan, sadaja sampoen sami sowan anḍèr ing kaḍaton. Bingahing manah boten kénging winiraos, awit Sang Bima sampoen wangsoel kanṭi wiloedjeng.

Arja Séna ladjeng njarijosaken lelampahanipoen anggènipoen ngoepadosi toja gesang ing telenging samodra, miwiti malah amekasi. Saḍatengipoen Sang Séna, nagari Ngamarta kados-déné taroe aking angsal djawah, satemah dados seger malih. Sang Praboe Joeḍisṭira ngloewari poenaginipoen, ladjeng abodjana andrawina, waradin loemèbèr ḍateng para wadya saindenging nagari Ngamarta, sadaja sami bingah mawidjah-widjah. Tamat.