patapanipoen. Manawi wonten tijang marek, wewelingipoen sarwi bikoet, koemrampjang kados bèri tinatab. Sareng kaboebak, soeweng tanpa isi. Tijang ingkang poeroen apoeroeita ḍateng panḑita ingkang kados makaten poenika, tartamtoe éwonipoen tijang koemproeng saha pengoeng.
Badanipoen manoengsa poenika djagad alit, kénging ingoepamèkaken ringgit. Angin minangka tetangsoel kanggé nangsoeli kelir. Soerja saha woelan minangka bléntjong ingkang maḍangi. Ngalam soeweng minangka kelir. Djagad minangka gadebog kanggé nantjebaken ringgit. Déné ingkang nanggap ringgit wonten salebeting grija, boten mobah boten mosik. Goesti ingkang mahasoetji ingkang minangka ḑalang, molahaken sawarnining ringgit. Makaten poenika pepindanipoen badanipoen manoengsa. Poen ḑalang nglampahaken sawarnining ringgit. Wonten ingkang njembah, wonten ingkang dipoen sembah, wonten ingkang witjanten, saha wonten ingkang goemoedjeng, poenapa malih wonten ingkang nangis, manoet pikadjengipoen ki ḑalang. Ingkang ningali ketingal, nanging ingkang nanggap boten ketingal, manggèn ing salebeting dalem. Inggih poenika ingkang minangka Sang Hjang Soeksma, déné ki dalang minangka Sang Hjang Pramana.
Wondéné Goesti ingkang moerbèng ngalam, poenika boten kasat-mripat, kados-déné ménjak salebeting poehan, latoe salebeting kadjeng, koekoes salebeting latoe. Manoengsa kedah tansah ènget ḑateng ingkang aparing gesang, awit samoekawis ingkang wonten ing ngalam donja poenika asalipoen saking Goesti ingkang mahakawasa. Sami-sami titahing Goesti, manoengsa poenika ingkang pinoendjoel pijambak. Pramila dipoen ènget, jèn sadaja ingkang goemelar ing ngalam donja poenika minangka tadjalinipoen Goesti ingkang mahasoetji.
Radèn Wrekodara sasampoenipoen tampi kánoegrahan, manahipoen dados soetji nirmala, boten pandoeng malih dateng sadjatosing gesangipoen. Pangantjabing panoeksma