Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
116

tatrapan nitis wongsal-wangsoel tanpa wasana. Pramila manoengsa poenika prajogi nggegoeroe dateng soedjana ingkang sampoen poetoes ing kawroeh.
 Sinten-sinten ingkang baḍé oelah kamoeksan, poenika boten kénging tolih dateng anak saha bodjo. Manawi tijang sampoen dosa pedjah, prajogi sampoen nitis dados djanma, angoer nitis dados kéwan, awit kéwan poenika gesangipoen boten perloe ngoedi dateng kawroeh panitisan. Para tapa sawenèh wonten ingkang ngoedi ḍateng kamoeksan sarana bentoer ing tapa, nanging loemoeh apoeroeita ḍateng goeroe ingkang pinoendjoel, temahan badanipoen kera aking rontangranting, kangèlanipoen moespra.
 Menggah prajoginipoen, tapa poenika kaanggepa minangka ragi, ngèlmi minangka oelam. Tijang tapa tanpa gaḍah ngèlmi, dadosipoen tanpa goena. Makaten oegi ngèlmi, jèn boten kabijantoe kalijan tapa, sajaktos taksih tjemplang, temahan sandé ingkang sinedya, awit badan taksih kawilet ing tatrapan, saha kaḍangan salwiring mala toewin goda rentjana.
 Lan malih katah pandita ingkang alampah sandi, woeroekipoen sinatengah. Ladjeng wonten moeridipoen ingkang landep saha lantip manahipoen, ngatoeraken pamanggihipoen dateng goeroe, djalaran manahipoen taksih mamang, kabekta déning dèrèng mambet warah, poenika poen goeroe ladjeng saklangkoeng ngoengoen, kèwedan anggènipoen ngakeni boḍonipoen. Mila pamanggihipoen moerid waoe noenten sinamantakaken ḍateng para mahapanḍita ingkang sampoen sami misoewoer. Wasana pamanggih waoe kaanggep leres. Inggih poenika ingkang nama wahjoe linangkoeng, datengipoen tanpa ingadjeng-adjeng. Moerid ingkang lanḍep saha lantip manahipoen waoe ladjeng sinoengga-soengga, toewin tansah tinantoen ing goeroe manawi baḍé medjang. Temahan sakabat dados goeroe, poen goeroe dados sakabat, kalih-kalihipoen wekasan sami angsal asil.
 Wonten malih panḍita ingkang dèrèng poetoes ing kawroeh, kesesa ngaken pandita linangkoeng, koemedah-kedah ginega saoedjaripoen. Sawenèh malih mlampah sinembah, ladjeng adeḍépok ing poetjaking redi, swaranipoen brabah ngèbeki