samar ing piandelira! Sadjatining oerip ikoe piningit ing
boewana, nanging saloegoené wis ana ing sira.
Asalira sajaktiné saka Sang Hjang Soeksma. Déné Sang Hjang Soeksma ikoe bisa ngroengoe tanpa koeping, bisa ndeleng tanpa mata. Lairé Sang Hjang Soeksma ana ing sira, batiné ija ana ing sira. Moenggoeh kaanané Sang Hjang Soeksma kalawan sira ikoe kaja oepamané koekoes lan geniné, oetawa kaja banjoe lan aloen, oetawa kaja-déné ménjak ana ing poehan. Jèn sira woes soemoeroep pamoring kawoela lan Goesti, ing kono bakal katoetoegan apa kang sira sedya. Ana-déné gelaré Sang Hjang Soeksma kang ana ing sira, ikoe kaja-déné wajang. Solahing wajang djalaran saka dalang, kelir kang minangka djagad. Moenggoeh pamoring kawoela lan Goesti, ikoe kaja-déné paèsan karo sing ngilo. Wajangan kang ana sadjroning pangilon, ija ikoe
djenenging kawoela.
Déné kang diarani kalepasan, ikoe loewih geḍé tinimbang djagad. Karo banjoe aloes kalepasan, karo tengoe isih gedé tengoené. Tegesing linoewih bisa misésa sakalwiring agal lan lemboet, bisa mandjing adjoer adjèr, mantjala poetra mantjala poetri. Mangkono oega bisa manoeksma ing kéwan kang roemangkang, sarta bisa nitis ing gegremetan. Sabeneré sira koedoe ngandel ing warah lan woeroek. Sing banget pamredinira ing kawroeh, lan di-bisa masoeh raga!
Ana-déné woeroek ikoe kena ingoepamakaké widji, kang winoeroek papané. Saoepama katjang oetawa kaḍelé sinebar ing watoe, jèn watoené ora ana lemahé, sanadjan olèh panas sarta kodanan, wis masți ora bisa toekoel.
Poma, sira adja lali, panon sarta swara, apa-déné roepanira ikoe asalé saka Sang Hjang Soeksma, sira moeng aran sinilihan baé, dadi ing tembé sira wadjib ngoelihaké apa kang
sira silih. Adja pisan-pisan sira doewé pakareman kadjaba marang Hjang kang nahasoetji. Mobah mosik, sira koedoe éling marang asmané Hjang kang mahakawasa. Jèn sira ndoewèni tjipta loro, ikoe isih djeneng oewas, ora woeroeng bakal tampa dedoeka. Manawa sira wis bisa noenggal karo Goesti, sakarenteging atinira bakal bisa kasembadan, apa kang siratjipta dadi.
Jav. Leesboek
Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/136
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
113