112
Boten antawis dangoe Sang Arja Wrekodara soemerep golèkan gading, tjahjanipoen mantjoer ngengoewoeng. Ladjeng pitakén: „Ḍoeh poekoeloen, poenapa inggih poenika dat sadjatosing roepi, ingkang kawoela padosi keraja-raja?”
Déwaroetji soemaoer alon: „Hèh Wrekodara, doedoe ikoe kang sira sedya. Kang moempoeni djagad iki kabeh, sajaktiné ora kena sira deleng, marga ora kasatmata, tanpa roepa, tanpa warna, tanpa gatra. Lan maningé tanpa doenoeng, moeng sing awas kang soemoeroep doenoengé. Déné sasmitané ngèbeki djagad, jèn didoemoek ora kena. Moenggoeh kang sira deleng asawang golékan gading soemoenar toemédja, ikoe pramana arané. Hjang pramana ikoe doemoenoeng ing raga, nanging ora méloe soesah, ora mèloe seḍih, lan manèh ora mangan ora toeroe. Manawa pramana ikoe pisah karo raga, ora woeroeng raga dadi loengkrah bandjoer ngloemproek. Déné hjang pramana ikoe oeripé saka Hjang Soeksma, ija ikoe sadjatining oerip. Kabèh ikoe woes moenggoeh ana ing awakira, nanging moeng kadi simbar ana ing kekajon. Oeriping hjang soeksma ikoe kaja rahsaning kamoemoe.”
Radèn Wrekodara njelani atoer: „Poekoeloen, poendi warnining dat ingkang sajaktos?” Déwaroetji mangsoeli: „Ikoe ora kasatmata, lan ora kena sira goléki.”
Arja Séna matoer malih: „Ḍoeh poekoeloen, kawoela moegi padoeka wedjang ing ladjengipoen, awit kawoela kepéngin sanget soemerep samoedajanipoen, sampoen toewas kangèlan. Manawi kawoela boten padoeka wedjang tjandakipoen, kawoela boten poeroen medal, langkoeng sakétja wonten ingriki kémawon. Sabab ingriki kawoela boten arip boten loewé, boten betah tilem boten betah neda, poenapa malih boten roemaos kangélan, saha boten ngraos linoe. Ingkang kawoela raosaken namoeng kanikmatan.”
Déwaroetji sangsaja asih ḍateng ingkang saweg birai, wangsoelanipoen: ,Héh Wrekodara, ikoe ora kena, sadoeroengé toemeka pati. Lah di-awas ing pamoeroengé lakoe-lakoening aoerip, lan di-waspada ing panganggepira! Samangsa woes tetep piandelira, bandjoer pingiten, adja baribin! Lan maningé adja kok ladak koemeṭak! Di-bisa njingkiri wisaning aoerip kang noentoen marang karoesakan! Adja