Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

111

karahardjan, ija ikoe ati kang ngoeboengi ing panggawé kang noentoen marang karoesakan.

Moeng ati kang poetih ikoe betjik wataké, soesila anteng toer soetji, karem marang karahardjan. Ija ikoe ati kang bisa nanggapi sasmita sadjatining roepa, lan bisa nampani kanoegrahan kang linoewih, wekasan bisa noentoen marang boedi kang rahajoe. Ati kang poetih ikoe abot sanggané, awit moengsoehé teloe toer geḍé-geḍé, ija ikoe ati kang ireng abang lan koening. Moelané ati kang poetih ikoe tansah kasoran perangé, djalaran karoban ing moengsoeh. Ananging lamoen bisa njambadani pambantjanané moengsoeh kang teloeng warna ikoe, bakal geḍé gandjarané, awit ikoe bisa toedoeh dalan marang panoenggaling Sang Hjang Paramasiwa. Ing kono doenoengé pamoring kawoela lan Goesti.”

Radèn Wrekodara sangsaja birai saha saklangkoeng katjarjan ing manah, mireng pamedjangipoen Sang Déwaroetji, satemah saja sanget adrengipoen ngoedi dateng sampoernaning agesang. Warni kawan prakawis waoe ladjeng itjal dadakan. Toemoenten ketingal wonten oeroeb satoenggal awarni woloe.

Arja Séna matoer: „Ḍoeh poekoeloen, poenika gèk poenapa ingkang kawoela tingali, oeroeb satoenggal awarni woloe? Wonten ingkang kados retna moentjar, wonten ingkang majamaja, wonten malih ingkang abra markata. Roepi ingkang poendi ingkang kawastanan sadjatosing warni?”

Déwaroetji énggal mangsoeli pangandika: „Héh Wrekodara, ija ikoe sadjatining toenggal. Warna ikoe kabèh wis doemoenoeng ana ing sira, mangkono oega saisining boemi, ija wis sira wengkoe. Lan maningé moenggoeh djagad tjilik lan djagad agoeng ikoe ora ana bédané, kabéh ikoe woes ginambar ana ing awakira. Lor kidoel, wétan koelon, ngisor ḍoewoer, lan warna ireng abang koening poetih ikoe doemoenoeng ing djagad tjilik, ija doemoenoeng ing djagad agoeng, karo-karoné ora béda kalawan awakira. Jèn ora ana roepa kang woloeng prakara ikoe, djagad kabèh wis masti bakal sirna. Saloegoené kabéh ikoe ginarba dadi sidji, kajadéné gana, ora lanang ora wadon, woedjoedé kaja golékan gaḍing.”