Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

110

wingking. Sadaja sampoen ketingal tjeta wéla-wéla. Sakedap malih ladjeng soemerep soerja, tjahjanipoen anelahi. Sang Séna dados sakétja manahipoen, itjal oewasipoen. Lan malih sang wikoe ketingal ing djagad walikan.

Déwaroetji ngandika malih: „Hèh Wrekodara, sira adja loemakoe, mara nginget-ngingetna, apa kang katon ing sira?” Arja Wrekodara mangsoeli: „Ingkang roemijin kawoela ningali tjahja mantjoer goemawang, nanging boten soemerep wastanipoen. Toemoenten kawoela soemerep warni kawan prakawis, tjemeng, abrit, djené saha petak.”

Déwaroetji soemamboeng: „Hèh Wrekodara, tjahja goemawang kang katon ing sira disik ikoe pantjamaja arané. Sadjatiné ikoe ati kang bener, pangareping awak, ija ikoe kang diarani moekasipat, tegesé ati kang noentoen marang sipat kang linoewi.” Sang Wrekodara manahipoen saklangkoeng lega mireng pangandikanipoen Sang Déwaroetji, ladjeng mèsem semoe soemringah.

Déwaroetji ladjeng ndoemoegèkaken anggènipoen memoeroek: „Déné kang ireng, abang, koening lan poetih ikoe doergamaning ati. Ija ati kang teloeng prakara, ireng abang koening ikoe kang minangka pamoeroengé lakoe. Sing sapa bisa pisah karo ikoe, tamtoe bisa amor karo gaib. Sira diprajitna, toemrapé wong mangoen tapa, ati teteloe ireng abang koening ikoe kang ngaḍangi karep kang oetama, ija ikoe pamoring Hjang Paramasiwa, déwa kang linoehoeng. Sing sapa ora kawilet ing ati kang teteloe ikoe, jakti moelja awaké, lastari bisa noenggal karo Sang Hjang Paramasiwa. Poma, ikoe diéling-éling!

Doergamané ati ikoe betjik kawroehana sawidji-widjiné. Ati kang ireng ikoe loewih prakosa, wataké brangasan, gampang nepsoené, jèn sereng bandjoer ndadra angambra-ambra. Ija ikoe ati kang ngaḍangi lan mboentoni dalan marang kabetjikan, memoeroeng tindak kang oetama. Déné ati kang abang ikoe wataké panastèn lan panasbaran, gawéné moeng nenoentoen marang pepénginan lan hawa nepsoe. Ija ikoe ati kang mepeti dalan marang kawaspadan. Moenggoeh ati kang koening ikoe wataké ora boeroes, gawéné nanggoelangi sakèhing tjipta kang amrih ing