Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

109

dados pangéwan-éwaning boemi. Badan kawoela kénging ingoepamèkaken doewoeng tanpa warangka. Ingkang poenika poekoeloen, moegi wontena sih wilasa padoeka, paring pepadang dateng tijang kados kawoela ingkang taksih wonten ing pepeteng.”

Déwaroetji noenten mangsoeli pangandika aroem manis: „Lah ta mara Wrekodara, di-énggal loemeboea ing djroning goewa-garba ningsoen!” Sang Séna kagèt mireng dawoehipoen Sang Déwaroetji, énggal mangsoeli sarwi goemoedjeng nggoegoek: „Déné padoeka badjang, kawoela ageng inggil kados redi, gèk kados poendi anggèn kawoela saged mandjing ing goewa-garba padoeka, sanadjan djentik kawoela mangsa sageda klebet.”

Déwaroetji sarèh wangsoelanipoen: „Gedé endi sira karo djagad iki? Djagad iki akèh goenoengé, akèh sagarané lan akèh alasé, éwadéné ora sesak lamoen loemeboea ing goewa-garba ningsoen.”

Radèn Wrekodara roemaos koemel asemoe adjrih mireng pangandikanipoen Déwaroetji, atoer wangsoelanipoen: „Kawoela sandika ing saḍawoeh padoeka.”

Sang Déwaroetji toemoenten mènglèng. „Iki lo dalané, koeping ingsoen sing kiwa.”

Radèn Wrekodara énggal mandjing ing salebeting goewa-garbanipoen Déwaroetji. Ingrikoe soemerep samodra agoeng, djembar anglangoet tanpa gisik. Déwaroetji ngoewoeh: „Hèh Wrekodara, apa kang katon ing sira?” Sang Séna matoer: „Boten wonten ingkang ketingal, wontenipoen namoeng awang-awang, tebihipoen tanpa wangenan. Sapoeroeg-poeroeg kawoela, kawoela boten soemerep lèr kidoel, wétan kilèn inggih boten soemerep, makaten oegi kawoela boten padja-padja saged mbédakaken nganḍap kalijan nginggil, ngadjeng kalijan wingking. Kawoela saklangkoeng bingoeng, manah kawoela ketir-ketir.” Déwaroetji ngandika malih: „Hèh Wrekodara, sira adja maras!”

Bjar, ingrikoe Radèn Wrekodara sampoen ngaḍep Déwaroetji. Sang wikoe sinawang kalijan pramana, tjahjanipoen ketingal mantjoer. Boten dangoe ladjeng soemerep prenahing lèr kidoel, wétan kilèn, nganḍap nginggil, ngadjeng