Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

108

boten soemerep djatosipoen ingkang dipoen adjak wawan ginem. Noenten soemaoer alon: ,,Kawoela mangsa boronga dateng sang mahajogi.”

Déwaroetji ngandika malih: ,Satemené sira ikoe bébété Sang Hjang Pramésti. Bapakira Pandoe, tedaké Sang Hjang Brama, iboenira Koenti, tedaké Sang Hjang Wisnoe. Iboenira moeng patoetan teloe karo bapakira, pambarepé Joedistira, panenggaké sira, panengahé Danandjaja. Déné adinira sing kembar ikoe anaké Madrim. Genep dadi Pandawa lima. Moenggoeh tekanira ing kéné awit saka ing goeroenira, kinonkon nggoléki banjoe soetji. Sapitoedoehé goeroenira temahan sira lakoni, moelané sira tapa ing kéné. Héh Wrekodara, kawroehanira, lakoening oerip ikoe satemené loewih déning angél, moelané sira adja leloengan, jén doeroeng weroeh kang sira parani. Lan manch sira adja memangan, manawa doeroeng weroeh rasané kang sira pangan. Mangkono oega poma sira adja nganggo-anggo, lamoen doeroeng weroeh djenengé panganggo. Margané soemoeroep sarana tetakon, margané bisa sarana tetiroe lan toeemandang. Mangkono ikoe lakoening aoerip. Adja kaja pratingkahé si djoegoel saka ing goenoeng, arep toekoe mas ing kemasan, diwénéhi lelantjoeng koening baé atiné wis marem, disenggoeh kantjana adi. Mangkono oega doenoenging bekti, manawa doeroeng waskita prenahé kang sinembah, ora woeroeng bakal kesasar.”

Arja Wrekodara anggénipoen mirengaken pangandikanipoen Déwaroetji sarwi anteng saha ndekoe, atoeripoen: och sang mahawikoe, kawoela sanget matoer noewoen, déné padoeka sampoen karsa moelang dateng kawoela. Moegi wontena karsa padoeka, paring pitedah dateng asma padoeka, déné abanda wani tapa pijambakan ingriki.”

Déwa badjang mangsoeli: ,,Djeneng ingsoen Déwaroetji.”

Arja Séna matoer malih: ,,Doeh poekoeloen, jén makatena, kawoela njoewoen sih padoeka, awit kawoela prasasat taksih kados sato wana, boten soemerep babar pisan dateng lampah-lampahipoen tijang apoeroeita, lan malih boten mantra-mantra soemerep ingkang kawastanan sadjatosing badan soetji. Kawoela saklangkoeng moeda poenggoeng, tjatjad