Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ginagas-gagas sangsaja nrenjoehaken manah. Wekasan ladjeng saéka-praja baḍé sami noesoel, pedjaha boten adjrih. Noenten sami nggoebel dateng Praboe Kresna sarwi nangis kelara-lara njoewoen dawoeh pangandika. Sri Nata Arimoerti ngengimoer dateng ingkang saweg nanḍang prihatos. „Jaji Praboe sampoen soesah, boten-botenipoen ingkang raji Wrekodara manggih tiwas, malah badé angsal kanoegrahaning Bațara. Awit ing tembé Arja Séna ḍatengipoen dados soetji, djalaran kinasihan dateng Sang Hjang Soeksma kawekas. Wenang asarira Bațara, wening ing paningal, poendjoel ing apapak, mrodjol ing akerep." Sareng para Pandawa mireng dawoeh pangandikanipoen Sang Praboe ing Dwarawati, sakala sami ledjar ing galih, awit boten wonten ratoe sadjagad ingkang pinoendi-poendi kados-déné Sri Narendra Kresna, dasar witjaksana toer waskita.


III

Kawoewoesa Sang Wrekodara, panenggaking Pandawa, wonten ing telenging saganten sampoen kepanggih kalijan déwa awarni.badjang kados laré dolanan, apeparab Déwaroetji. Pangandikanipoen manoara: „Hèh Wrekodra, apa sedyanira teka ing kéné, awit iki panggonan sepining sepi, ora ana sanḍang, ora ana pangan. Kang soen-pangan moeng jèn ana godong garing koemléjang tiba ingarep ingsoen.” Sang Arja Séna saklangkoeng ngoengoen mireng pangandikanipoen déwa badjang, pangoenandikanipoen: „Iki gèk bangsaning wong apa, déné tanpa rowang koemawani tapa ana telenging sagara? Tjilik mențik, gedéné moeng sadjențik, wataké ladak koemeṭak, katik koemaki pangoetjapé.”

Déwaroetji ladjeng ndoemoegèkaken pangandikanipoen: „Kawroehanira, Wrekodara, ing kéné panggonané pantjabaja. Sing sapa ora wani toh djiwa, mangsa bisaa teka ing kéné. Lan maningé Wrekodara, ing kéné iki sarwa mamring, ora oeroep lan anggonira wis toh pati. Jèn sira arep golèk kaloehoeran, ing kéné mangsa anaa.”

Sang Séna kèwedan anggènipoen badé mangsoeli, djalaran