Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

105

Nanging gèk kados poendi malih, watak wantoenipoen satrija, lingsem jèn wangsoela, aloewoeng nempoeh bjat ngemasi ing samodra.

Waoe ta ingkang ketingal ing saganten, pinten-pinten kațahing baita, lajaripoen pating karelab kasorotan ing soerja. Tijangipoen pating kareḍap kados walang soemamboerat. Déné warnining baita: djong, djoekoeng, majang, wangkang, koențing, sampan, gijota. Sang Séna ndjenger kados toegoe manik sinoekarta, njawang sawarnining baita, kadamel ngleledjar manahipoen. Aloen ageng nggegilani langgeng agolong goemoeloeng, tojanipoen moentjar njiprati kekisik. Weḍi maléla ketingal nengsemaken kados sarining sekar. Sangsang lémbak-lémbak lir péndah tjemara oewal saking gegeloenging sang dyah adamel brangta. Pinten-pinten langening toja ing samodra, adamel sengseming manah, pandjang jèn winarnia ing toelis.

Katjarijos Radèn Wrekodara, dangoe anggènipoen nggagas kawontenaning badanipoen, winangwang saking wiwitan doemoegi ing wekasan, sinambi njawang langening samodra. Ingkang kaèpi-èpi boten wonten sanès namoeng toja amreta. Manawi boten saged manggih toja soetji, soeka lila pedjah ing saganten. Noenten tjangtjoet taliwanda, saksana nempoeh bjat nggebjoer ing samodra, ladjeng nglangi manengah. Aloen ageng agolong goemoeloeng melek badanipoen. Ombak djoemegoer soememboer nampek rainipoen tanpa kèndel. Sang Séna boten kirang ing wiwéka, ladjeng inggek, toja soemapoet doemoegi ing goeloe. Sanalika kèngetan adjinipoen anama adji Djalasangara. Énggal winatek kalijan palitis, sangsaja wewah kakendelanipoen, sapandoerat sampoen doemoegi ing satengahing saganten.

Waoe ta ing telenging samodra, doemadaken wonten ketingal koemambang ing toja, kampoel-kampoel manoet lampahing aloen, agengipoen angébat-ébati, swaranipoen ngakak, tandangipoen agalak. Sangsaja dangoe sangsaja tjaket, ngambang ketingal goemawang, agengipoen saredi anakan koemelab sarwi njemboer-njemboer saklangkoeng nggegirisi. Toja kineboer kados saganten oemob, swaraning ombak djoemegoer kados badé ngrentahna langit.