104
dedamaring daloe. Sirep swaraning peksi alit-alit, namoeng peksi kaḍasih moengel ing pang asaoeran kalijan swaraning tikoes pating djlerit, kados-kados ngèngetaken Arja Séna dateng bebajaning margi, kabekta saking sandi-oepajanipoen Ḍanjang Drona. Saèstoe jèn oedjaripoen resi Drona ngamandaka, nedya adamel tjilakaning agesang.
Kawoewoesa Radèn Wrekodara, satrija ing Djoḍipati, lampahipoen namoeng anoet ing soekoe medal ing djoerang trebis. Boten dangoe ing sisih wétan ketingal wonten tjahja sirat-sirat abrit ragi katoetoepan ing méga, pratanḍanipoen Bațara Soerja wiwit maḍangi djagad, moengoep-moengoep ing poentjaking redi, kados poetri adi ngawé ḍateng béḍangipoen. Noenten aramé swaraning peksi ing kekadjengan pating tjaroewèt milengi koeping. Panjengaking peksi tjangak pinda asoeng wangsit akèn wangsoel ḍateng ingkang saweg keloenta-loenta. Pandjeritipoen ajam wana kados awewarah dateng Sang Séna njingkirana wana pringga. Akațah-kaṭah sasmitaning sato kéwan saha sesekaran dateng Arja Séna, tangèh jèn kaoetjapna sadaja.
Lampahipoen Radèn Wrekodara njanḍoeng séla njémpar loengka, minggah mandap tanpa kèndel. Boten antawis dangoe doemoegi ing kisiking samodra, aloenipoen ageng goemoeroeh nempoeh parang, soemjak lir soeraking pradjoerit aprang. Sang Séna njaketi sarwi lonlonan. Ingrikoe ketingal karangipoen pating panḍoekoel kataweng ing ampak-ampak. Sawenèh wonten ingkang mèmper liman méngo, sawenèh malih sairib liman ndjeroem. Radèn Wrekodara manḍeg mangoe lampahipoen sinambi njawang ombakipoen saganten, golong goemoeloeng kados goeling. Kepjoering ombak nempoeh karang kados sekar glagah katempoeh ing angin. Déné ombak ingkang wonten ing tengah mawalikan, gora goemerah nggegirisi, adamel koewoering manah. Kapjoek-kapjoeking toja saantawisipoen kekarangan kados nambrama datengipoen Sang Arja Séna.
Ingrikoe Radèn Wrekodara ngadeg ndjenger, oneng dateng para kadangipoen ingkang kantoen ing poera. Toemoenten kèngetan dateng wewarahipoen ingkang raka Nata ing Ngamarta, sajaktos jèn wikoe Drona ngamandaka oedjaripoen.