103
kakipataken, ngantos sami mantjelat ḍawah ing siti. Arja Séna wekasan mberod, medal saking kaḍaton, lampahipoen ngitar boten mawi nolih wingking, sakeḍap sampoen tebih.
Kotjapa ingkang tinilar ing kaḍaton Ngamarta, sadaja sami nangis ramé awajang-woejoengan. Para Pandawa sagarwa-poetra sami ngaḍep dateng Praboe Kresna, sami nḍekoe ingarsanipoen. Baḍé noesoel Arja Séna kapenggak déning Praboe Kresna. Kaṭah-kaṭah anggènipoen ngrerapoe saha paring pitoetoer. Para Pandawa saklangkoeng koewoer ing manah, temahan sami kèndel, namoeng pasrah ḍateng Bațara ingkang linoehoeng. Praboe Kresna noenten kondoer amakoewon.
Mangsoeli tjarijosipoen Arja Séna, sakeḍap sampoen mandjing ing wanadri. Saking adrenging manah, boten ngétang sawarnining bebaja ing margi. Tetijang ingkang sami kepetoek sami gawok. Kekadjengan ingkang katoeb ing angin soemjak swaranipoen kados nangisi késahipoen Sang Séna. Sekar-sekar mbabar ganda marboek aroem, ébahipoen sairib ngawé-awé Arja Séna, kapoerih wangsoel ḍateng Ngamarta. Sekar gaḍoeng soemjar binaroeng sekaring kamoening. Sekar angsana toewin poeḍak kasilir ing angin lir péndah wentisipoen para poetri nggonḍèli Radèn Wrekodara. Tjanggèrètnong swaranipoen mawoerahan kados panangisipoen Dèwi Droepadi. Merak njangoengong ing wingking sareng kalijan swaranipoen peksi tjoetjoer, saèmper pangoewoehipoen para Pandawa akèn wangsoel Arja Séna ḍateng Ngamarta. Swaraning peksi pating tjaroewèt asaoeran kados soeka pitoetoer dateng panenggaking Panḍawa, ing margi ingkang ngatos- atos. Beloek, darès toewin dokan sami njamber-njamber ing langit, tandoekipoen pinda badḍé ngaḍangi lampahipoen ingkang saweg gandroeng ing toja gesang, akèn wangsoel manggihi para kadang. Oengeling kongkang ing bloembang saha pangorèking kodok kados-déné ngèngetaken sawarninipoen doergamaning margi ingkang kaambah dateng panenggaking Pandawa.
Sareng soerja sampoen serap, ing wanadri repet-repet ladjeng peteng. Remboelan panoedjoe boten ndadari, namoeng lintang-lintang ingkang ketingal pating krelip kados sesotya sinawoeraken ing awang-awang, minangka