Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

102

sami wonten ing kaḍaton gita goemerah ngroeboeng ingkang saweg dateng, bingahing manah boten kénging ingoetjap. Praboe Darmapoetra saha ingkang raji sadaja, toewin ingkang poetra Radèn Pantjawala, makaten oegi Dèwi Srikandi, Dèwi Soembadra toewin Dèwi Droepadi, sadaja sami rerep sekelipoen.

Pangandikanipoen Praboe Arimoerti, Nata ing Dwarawati: „Jaji Praboe Joeḍistira, soemangga énggal abodjana najoeb!” Arja Séna njelani: „Ora soesah bodjana najoeb, awit akoe ora ngentèni pambodjanamoe. Tekakoe mréné moeng arep awèh weroeh kaanankoe. Sarèhné wis ketemoe pada basoeki, akoe arep mangkat noetoegaké sedyakoe. Déné sing dakkarepaké mleboe ing telenging sagara, nggolèki banjoe soetji, ngemban dawoeh timbalané sang mahajogi.” Radèn Ardjoena, Nakoela saha Sadéwa ladjeng matoer dateng ingkang raka Radèn Wrekodara: „Doeh aḍoeh, kakangmas Wrekodara, dawoehipoen resi Drona sampoen padoeka tampi lamba, poenika boten pantes padoeka lampahi!” Praboe Joeḍistira noenten matoer ḍateng ingkang raka Sri Nata Arimoerti: „Kaka Praboe, kados poendi karsa padoeka ing mangké, aḍimas Wrekodara boten kénging pinambengan.” Praboe Kresna djibeg ing galih, dangoe kèndel boten njaoeri atoeripoen ingkang raji.

Praboe Joeḍistira ladjeng ngrangkoel Arja Séna, Radèn Ardjoena, Nakoela saha Sadéwa sami njoengkemi soekoenipoen sarwi nangis ngamah-amah. Radèn Pantjawala senggroek-senggroek njepengi pontjoting dodotipoen, déné Déwi Soembadra saha Dèwi Srikandi nggonḍèli saboekipoen kalijan rawat waspa, Dèwi Droepadi nggoebel ingadjeng sarwi nangis ngantos megap-megap. Akațah-katah pangandikanipoen Sri Narendra Kresna, tingalipoen akembeng waspa, menggak pikadjengipoen satrija ing Djoḍipati. Radèn Danandjaja noenten njepengi tanganipoen ingkang kiwa, Radèn Nakoela saha Radèn Sadéwa sami njikep tanganipoen ingkang tengen sarwinangis tanpa kenḍat. Nanging sampoen watakipoen Radèn Wrekodara boten kénging dipoen ampah, pinalangana mloempat, ḍinaḍoenga meḍot. Ladjeng kroḍa, ingkang sami nggoedjengi kiwa tengen saha ngadjeng wingking sami