101
Radèn Wrekodara, Sang Praboe Joeḍistira saha ingkang raji Radèn Danandjaja, Radèn Nakoela toewin Radèn Sadéwa sagarwa-poetra, sami ngoengoen ing panggalih, saha langkoeng déning prihatos, déné Arja Séna boten kénging kaampah. Dados sami rembagan, oetoesan ḍateng nagari Dwarawati, ngatoeri oeninga dateng Praboe Kresna. Oetoesan Ngamarta énggal mangkat mbekta serat katoer dateng Sang Praboe ing Dwarawati. Lampahipoen noempak kapal sesanderan, ing margi boten winarni. Sadoemoeginipoen ing kaḍaton Dwarawati, seratipoen para Pandawa ladjeng kaatoeraken dateng Sri Naréndra Kresna. Serat énggal binoeka saha winaos. Sang Praboe kagèt, galihipoen boten sakétja, ladjeng ngoenḍangi wadya-balanipoen. Sareng sampoen sami pepak, noenten biḍal dateng nagari Ngamarta. Sang Praboe nitih rata, para poenggawa nitih kapal, tindakipoen gegantjangan.
Boten dangoe sampoen rawoeh ing nagari Ngamarta, ndjoedjoeg ing poera. Praboe Joeḍistira sasantananipoen sami gita boesekan metoekaken, saha ramé mbagèkaken ingkang saweg rawoeh. Sareng sampoen sami satata lenggah, Praboe Joedistira matoer sarwi mbrebes mili dateng Praboe Kresna, bab késahipoen Arja Séna. Sri Naréndra Kresna saklangkoeng trenjoeh ing galih miḍanget atoeripoen ingkang raji, pangandikanipoen: „Jaji Praboe, sampoen soesah nggalih ing lelampahanipoen Arja Wrekodara, liripoen dipoen paéka dateng para Korawa. Prajogi pasrah kémawon dateng Bațara ingkang linoehoeng, awit pikadjengipoen ingkang raji pantjèn badé apoeroeita ḍateng resi Drona. Bebasan ala ketara, betjik ketitik. Sinten ingkang baḍé mbentjana, ing tembé boten sandé manggih piwales awon.”
Praboe Darmapoetra apoenagi dateng Sang Nata Kresna: „Samangsa ingkang raji Arja Séna mantoek, sandé anggènipoen magoeroe dateng Ḍanjang Drona, koela badé abodjana najoeb, kaka Praboe koela atoeri ndjenengi. Jèn ta kaka Praboe botena énggal rawoeh ing Ngamarta, koela sasaḍèrèk sajaktos badé soesah baroebah.”
Saweg étja anggènipoen sami imbal watjana, tijang agoeng ing Djodipati ḍateng doemrodjog tanpa larapan. Ingkang