100
éwadéné boten saged manggihaken toja pawitra. Ingkang poenika poekoeloen, padoeka paringa tedah ingkang njata, sampoen kok minḍo-gawèni!”
Ḍanjang Drona samoedana énggal ngrangkoel Sang Séna, wangsoelanipoen: „Ḍoeh babo anakkoe anggèr, kowé lagi takajoni kaantepanmoe marang goeroe. Saiki wis njata jèn kowé ora mèngèng, banget ngantepi ing pitoedoehing goeroe. Samangko kowé arep takdjatèni moenggoeh doenoengé banjoe oerip, panggonané sajaktiné ana ing telenging sagara. Jèn kowé pantjèn wis tetep anggonmoe magoeroe marang poen bapa, adja kalajatan, énggal ngesoeka ing telenging sagara!” Radèn Wrekodara soemaoer: „Sampoen ta ing telenging saganten, sanadjan wontena ing sanginggiling swarga, oetawi ing ḍasaring boemi sap pitoe, kawoela boten moendoer, djer kawoela boten adjrih pedjah nglampahi poenapa ḍawoehipoen sang mahajogi.” Danjang Drona ngandika malih: „Ija anggèr, samangsa banjoe soetji ikoe wis katemoe, bapa lan kakèkmoe sing wis paḍa mati, bésoek bakal oerip manèh, ija déning kowé. Lan maningé kowé bakal pinoendjoel ing boemi, mengkoe sawarnaning adji kang oetama.”
Sri Nata Soejoedana njelani: „Aḍimas Wrekodara, diprajitna lakoemoe ana ing dalan, adja kaja botjah tjilik, kawroehana, panggonané banjoe oerip ikoe gawating gawat. Akoe koewatir, aḍimas, loepoet-loepoet kowé nemoe bilai.” Arja Séna mangsoeli: „Hèh Koeroepati, awakkoe pasrahna marang Bațara, adja malang toemolih, akoe tégakna, adja nggrantes marang kadang. Lara pati ikoe wis pinasți ing Bațara, manoengsa moeng darma nglakoni. Pira bara slamet lakoekoe bisa olèh gawé.” Pangandikanipoen Sri Naréndra Soejoedana: „Ija aḍimas, moega-moega kowé oléha pitoeloengé déwa kang linoewih, kasembadana sakarepmoe, akoe moeng njangoni slamet.”
Arja Séna sasampoenipoen pamit ḍateng resi Drona saha dateng Praboe Koeroepati, ladjeng mesat soemebroeng. Nijatipoen baḍé mantoek roemijin ḍateng nagari Ngamarta, perloe awewartos ḍateng ingkang raka Praboe Joeḍistira saha para raji.
Gentos katjarijos ing nagari Ngamarta, saangkatipoen