Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

95

„Hèh Koeroepati, adja koewatir, akoe mangsa wedia nglakoni dawoehé sang mahajogi.”

Arja Séna ladjeng mesat saking kaḍaton Ngastina, soemengkoed anggènipoen nglampahi ḍawoehing goeroe. Déné ingkang sami kantoen wonten ing poera sami mèsem. Sang Praboe Mandraka ngandika: „Gèk kaprijé kadadéané si Wrekodara, djer goewané goenoeng Tjandramoeka ikoe enggoné raksasa galak ageḍé, si Wrekodara ora woeroeng leboer toempoer ana ing kono, awit boetané geḍéné sagoenoeng anakan, sato mara sato mati, djanma mara djanma mati.” Radèn Droesasana soemamboeng: „Si Wrekodara masti bakal adjoer moemoer, ora karoewan bangkéné.” Sadaja sami njaoeri sarwi goemoedjeng, roemaos jèn paékanipoen angsal damel, noenten sami soeka-soeka bodjana andrawina wonten ing poera.

Katjarijos lampahipoen Arja Séna, boten dangoe sampoen tebih, mlebet wana medal wana, minggah redi manḍap redi. Ing manah saklangkoeng soeka, gandroeng dateng toja amreta. Lampahipoen ngoetoe, boten nolih ngiwa nengen, toewin boten pisan manah ḍateng bebajaning margi, ingkang pinandeng boten sanès namoeng toja gesang, ingkang baḍé noetjèkaken badanipoen. Saksana ngambah djoerang pepèrèng, nglangkoengi redi mengger pinten-pinten, ketingalipoen saking katebihan ndjenggereng. Katah leloeroeng ingkang dipoen langkoengi, sanget roepit ingapit-apit ing séla. Roepi-roepi tetaneman ingkang toekoel sapinggiring margi, sekaripoen éndah ing warni, saha mbabar ganda marboek aroem. Dasar mandjrah déning kaḍawahan djawah ing mangsa kapat. Warnining sesekaran: banas, bogem, poeḍak, tjapaka, andoel, angsana, kanigara, wilasa, gandasoeli, anggrèk woelan, wora- wari, mawar, menoer, gambir, nagasari, angsoka, malati, tandjoeng, praboesètmata, srigading, kananga, kamoening. Sawenèh wonten ingkang toemeloeng mangloeng ing margi, isṭanipoen anambrama dateng Radèn Wrekodara, ingkang saweg gandroeng dateng toja gesang. Brengengenging kombang ngisep sarining sekar lir péndah tangisipoen sang dyah kaswasih déning kepéntjoet dateng Sang Séna.

Kala samanten soerja sangsaja inggil, saha sangsaja