94
Saweg étja ingkang sami aginem raos, noenten kasaroe datengipoen Radèn Wrekodara, doemrodjog tanpa larapan mandjing ing salebeting poera. Ingkang sami pinarak ing kaḍaton sadaja sami oreg tjingak kagèt. Arja Séna énggal binagèkaken dateng Sri Naréndra Ngastina, saha kaḍawoehan linggih kapara ngadjeng. Radèn Wrekodara toemoenten madjeng ndjoedjoeg dateng Ḍanjang Drona, ladjeng atoer bekti. Ḍanjang Drona boten saranta énggal ngrangkoel loengajanipoen sarwi ngandika: „Doeh babo anakkoe, kowé apa sida loenga nggolèki banjoe oerip kanggo noetjèkaké sariramoe? Jèn kowé bisa olèh, anggèr, bakal sampoerna sajakti oeripmoe, nirmala, moelja toer wisésa, apa-déné kowé bakal mengkoe sawarnaning adji. Wong sadjagad ora nana kang nanḍingi, pada jèn paḍaa, ngimbang-imbangi baé ora. Lan maningé anggèr, kowé taktoetoeri, samangsa kowé wis olèh banjoe soetji ikoe, kowé bakal bisa ngaoebi bapa-bijoengmoe, kabèh masți bakal bisa nemoe kamoeljan ing kaswargan, ija djalaran sampoernaning oeripmoe. Kadjaba ikoe kaananmoe ing triloka bakal bisa langgeng.”
Arja Séna sareng mireng agenging kasijatipoen toja gesang, noenten matoer sarwi njembah: „Doeh poekoeloen, padoeka énggal aparinga tedah, djer kawoela badé toemoenten mangkat, ngoepadosi panggénanipoen toja pawitra poenika.” Wangsoelanipoen resi Drona: „Doeh anakkoe anggèr, jèn kowé parikoedoe noetjèkaké sariramoe, ija toeroeten toedoehkoe. Moenggoeh panggonané banjoe oerip ikoe ana ing alas Tibrasara, sangisoring goenoeng Gadamadana. Goenoeng Tjandramoeka ḍoengkarana, awit sadjroning goenoeng ikoe ana goewané, ja ikoe panggonané banjoe oerip kang wis misoewoer adi aèng, toer aroem nirmala. Sapréné doeroeng ana djanma manoengsa kang weroeh panggonané.”
Arja Séna saklangkoeng soeka bingah manahipoen, angsal pitedah prenahipoen toja amreta, sanalika oegi pamit ḍateng Ḍanjang Drona saha Praboe Soejoedana. Sang Nata ing Ngastina alon pangandikanipoen: „Aḍimas Wrekodara, lakoemoe di-ngati-ati, manawa kesasar anggonmoe nggolèki banjoe oerip ikoe, awit panggonané gawating gawat, toer akèh pakéwoehé ing dalan.” Radèn Wrekodara soemaoer: