Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

93

Joeḍistira noenten ndjetoeng, ing galih saklangkoeng ngoengoen. Déné para raji kagèt pinḍa sinamber ing gelap lepat, tjinebak ing mong toena. Sadaja sami prihatos kantoen ing kaḍaton.

Kotjapa lampahipoen Arja Séna, pijambakan tanpa wadya, namoeng ingiring sinḍoeng lésoes, saha kairid ing prahara seroe goemoeroeh, ndadosaken kagèt saha mirisipoen tetijang ing paḍoesoenan ingkang dipoen langkoengi. Sadaja ingkang kepranggoel énggal sami nḍodok, adjrih nḍepès, nḍekoe sarwi atoer sembah. Katah ingkang sami gita njaosi pisegah dateng Arja Séna, nanging boten katampi, kabekta déning adrenging manahipoen. Boten antawis dangoe sampoen ngantjik ing Tegalkoeroe, noenten ngambah margi ageng neroesaken lampahipoen. Let sawatawis dangoe gapoeraning kaḍaton Ngastina sampoen ketingal saking katebihan ageng moenggoel, poetjakipoen moetyara soemorot moentjar angengoewoeng, ngembari tjahjaning soerja.

Katjarijos ingkang wonten ing kaḍaton Ngastina, Sang Praboe Soejoedana oetoesan nimbali sang wikoe Danjang Drona. Sang wikoe oegi sampoen sowan ingarsanipoen Sang Praboe. Datengipoen ing poera njarengi Nata ing Mandraka saha Adipati Ngawangga. Para santana andeling perang sami katimbalan, oegi sampoen sami pepak anḍèr sowan ingarsanipoen Sang Praboe wonten ing kaḍaton. Ingkang wonten ingadjeng pijambak Praboe Djajadrata Nata ing Sindoe, Patih Arja Sangkoeni, Bisma, lan malih Radèn Droesasana, Radèn Soewirja, Radèn Djajasoeséna saha Radèn Rékadoerdjaja. Sa- kawan poenika Korawa sinakti, taoe taté ngelar djadjahaning goesti, ngroepak djadjahaning mengsah.

Wondéné ingkang dipoen rembag, boten sanès namoeng ngoedi oenggoeling djoerit, saha sirnaning Pandawa sampoen ngantos kalampahan perang Bratajoeda. Ing sasaged-saged Pandawa kénginga katoempes sangkaning aris. Pinanggihing pamboedi, sadaja sampoen sami golong ing rembag, dalasan Radèn Soedarma toewin Radèn Soeranggakara sami rempeg atoeripoen, soemedya noempes Pandawa sarana apoes. Namoeng Praboe Soejoedana menggah ing galih, kagagas déné taksih kadang sajaktos.