I
Katjarijos Radèn Wrekodara, panenggaking Pandawa, apoeroeita ḍateng Ḍanjang Drona, kaḍawoehan ing goeroenipoen, ndikakaken ngoepados toja gesang, kadamel noetjèkaken badanipoen. Radèn Wrekodara énggal wangsoel ḍateng nagari Ngamarta, soemedya manggihi saḍèrèkipoen sepoeh Praboe Joeḍistira, saha rajinipoen katiga pisan. Saḍatengipoen ing Ngamarta, Sang Praboe Joeḍistira kleres ingaḍep ingkang raji Radèn Ardjoena, Radèn Nakoela saha Radèn Sadéwa. Radèn Wrekodara énggal awewartos ḍateng ingkang raka, jèn ḍatengipoen ingrikoe perloe pamitan, soemedya késah kaoetoes ḍateng goeroenipoen ngoepados toja gesang. Sang Praboe saklangkoeng ngoengoen ing galih, sareng miḍanget atoeripoen ingkang raji, awit adjrih mbok manawi ingkang raji baḍé manggih bebaja, temahan sanget soesah ing galih.
Radèn Danandjaja ladjeng matoer sarwi njembah ḍateng ingkang raka Praboe Darmapoetra. „Kakangmas Wrekodara sampoen padoeka lilani késah, poekoeloen, poenika saklangkoeng moetawatosi.” Radèn Nakoela saha Radèn Sadéwa soemamboeng sarwi njembah: „Doeh raka Praboe, kakangmas Wrekodara sampoen pareng késah, awit watakipoen ingkang raka Nata ing Ngastina remen adamel bantjana. Ḍanjang Drona sajaktosipoen ginoebel, pineksa ngapoesi kakangmas Wrekodara, moerih gampiling sirnanpoen para Pandawa.”
Arja Séna sareng mireng temboengipoen ingkang raji, noenten njaoeri soegal: „Akoe mangsa kenaa dipenggak, sanadyan kongsi toemeka ing pati kowé weroeh apa, awit oemoer oemoerkoe ḍéwé, djer akoe pantjèn nedya amrih sampoernaning oerip." Arja Séna ladjeng klépat soememproeng, nilar ingkang raka Praboe Joeḍistira saha para raji. Sang Praboe