91
Amoerwaboemi.” Kèn Ḍedḑs noenten kèndel sarwi ndjetoeng, awit roemaos kalepatan, déné sampoen meḍar wewados dateng ingkang poetra. Sang Anoesapati matoer: „Iboe, kangdjeng rama Sri Radjasa poenika rak kagoengan ḍoewoeng jasanipoen Empoe Gandring. Manawi kapareng, ḍoewoeng waoe dalem soewoen.” Kèn Ḍeḍes boten soewala, ḍoewoeng énggal pinaringaken doemateng ingkang poetra. Sang Anoesapati toemoenten pamit wangsoel.
Sadoemoeginipoen ing dalem Sang Anoesapati énggal nimbali abdi pangalasan ing Bațil, ingandikakaken mradjaja Kèn Angrok mawi ḍoewoeng damelanipoen Empoe Gandring. Poen pangalasan ingebang-ebang, bilih saged angsal damel anggènipoen njidra Sang Praboe. Pangalasan ladjeng mangkat, sampoen loemebet ing ḍatoelaja. Kala samanten Sang Amoerwaboemi keleres saweg dahar, énggal sinoedoek ngantos nemahi séda. Sédanipoen Sang Nata ing wantji serap, marengi ing dinten Kemis Pon, woekoe Landep.
Sasédanipoen Sang Amoerwaboemi, tijang Bațil waoe énggal loemadjeng soemedya atoer oeninga ḑateng Sang Anoesapati, atoeripoen: „Rama idjengandika sampoen séda déning kawoela.” Sareng abdi pangalasan baḍé ngatoeraken ḍoewoeng jasanipoen Empoe Gandring dateng Sang Anoesapati, énggal tinoewek kalijan ḍoewoeng waoe ngantos pedjah. Getering pawartos sampoen soemrambah saindenging nagari, alokipoen tetijang ing Toemapel: „Hah, Sang Praboe séda tjinidra déning pangalasan ing Bațil, déné pangalasan ing Bațil woes ingoewisan déning Sang Anoesapati.”
Sédanipoen Sang Amoerwaboemi marengi ing taoen Isaka 1169. Lajonipoen Sang Nata kapetak ing Kagenengan. Tjoețel.