Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

89

Baṭara Goeroe kang kawasa nglawan sarta neloekaké djeneng ingwang."

Sesoembaripoen Sang Nata ingkang makaten poenika kamireng déning Sang Praboe Sri Radjasa ing Singasari. Pramila Sang Amoerwaboemi énggal nimbali sawarnining para panḍita, pangandikanipoen: „Poekoeloen para panḍita, pakenira sadaja koela atoeri ngèstrèni, biséka koela samangké Baṭara Goeroe." Inggih poenika wiwitanipoen Sang Nata ing Singasari abiséka Baṭara Goeroe, kaèstrènan ḍateng para panḍita, para brahmana, saha para resi sadaja.

Sang Nata énggal andon perang, ngloeroeg dateng nagari Daha mawi kaḍèrèkaken wadya-balanipoen sadaja. Sang Praboe Ḍanḍanggenḍis sampoen miḍanget, jèn Sang Amoerwaboemi mangsah djoerit, baḍé nggitik nagari Daha, pangandikanipoen: „Wis begdjané awak ingsoen, Kèn Angrok saiki lagi winongwong ing djawata."

Boten antawis dangoe pradjoerit ing Daha tjampoeh perang kalijan wadya saking Singasari wonten salèring Ganter. Saklangkoeng ramé perangipoen para prawiraning djoerit, gentos kawon gentos menang. Nagari kekalih waoe balanipoen kaṭah ingkang tiwas ing satengahing paprangan. Wekasan wadya ing Daha kawon perangipoen. Rajinipoen Sang Praboe Ḍanḍanggenḍis ingkang awasta Radèn Maisawaloengan, saha mantrinipoen ingkang nama Goebarbaleman sami kasamboet ing rana. Kakalihipoen waoe saklangkoeng nggegirisi pangamoekipoen, kinaroeboet ing wadyabala Singasari ngamoek poenggoeng soera tan taha, temahan pedjah ing paprangan mawi nglenggahi kasatrijanipoen awit déning karoban ing mengsah. Sareng sénapatining wadyabala ing Daha sampoen katitih ing perang, bala ing Daha énggal loemadjeng bibar asasaran sami arebat gesang, boten wonten ingkang soemedya apepoelih Déné Sang Praboe Ḍanḍanggenḍis kèngser ing pajoedan, ngoengsi ḍateng grija kadéwatan, temah ngenḍat talimoerda ingrikoe dalasan kapal titihanipoen, poenapa-déné panakawanipoen, ingkang ngampil songsong, ingkang ngampil gantèn, pangoendjoekan saha lanté, boten wonten ingkang kantoen, sadaja sami béla nḍèrèk goemantoeng ing awang-awang.