88
waspadakna kasektèn ingsoen!" Sanalika Sang Nata santoen roepi, astanipoen sakawan, tingalipoen tetiga, sampoen prasasat Baṭara Goeroe ngédjawantah. Para panḍita énggal sami kaḍawoehan njembah ing Sang Praboe, nanging boten wonten ingkang manoet. Temahan énggal sami ontjat saking nagari Daha, ngoengsi ḍateng nagari Toemapel, soewita dateng Kèn Angrok. Inggih poenika wiwitanipoen nagari Toemapel malik tingal ḍateng nagari Daha.
Para panḍita waoe noenten sami saéka-praja mangajoebagja djoemenengipoen nata Kèn Angrok. Namaning nagari samangké kaéwahan dados Singasari, déné Kèn Angrok adjedjoeloek Sri Radjasa Sang Amoerwaboemi. Ingrikoe para panḍita agami Siwah saha sawarnining para panḍita agami Boeda, ingkang sami ontjat saking nagari Daha, sami ngèstrèni djoemenengipoen nata Sang Praboe, déné ingkang minangka tetoenggoelipoen Ḍanjang Lohgawé.
Mangsoeli tjarijosipoen tetijang ingkang roemijin sampoen tetoeloeng ḍateng Kèn Angrok, nalikanipoen taksih lara-lapa, sadaja ladjeng sami tinimbalan saha sami winales kasaénanipoen, inggih poenika: Ki Bangosamparan, Ki adjar ing Toerjantapada, anakipoen Ki panḍé Empoe Gandring ing Loeloembang satoeroenipoen, sadaja angsal kamardikan warni-warni. Wondéné anakipoen poen Keboidjo pinaringan wewenang kados anakipoen Empoe Gandring. Déné anakipoen Ḍanjang Lohgawé ingkang anama Wangbangsaḍang, inggih poenika patoetanipoen saking tijang èstri agami Wisnoe, kasémahaken angsal anakipoen èstri Ki Bangosamparan ingkang awasta Tjoetjoepoeranti. Sadaja poenika awit saking dawoeh karsanipoen Sang Amoerwaboemi.
Kala samanten nagari Singasari gemah ripah tata rahardja, mirah sanḍang pangan, tetijang alit sami tentrem manahipoen, boten wonten ingkang ambek resah. Boten antawis lami Sang Praboe Ḍanḍanggenḍis ing Daha miḍanget pawartos, jèn Kèn Angrok sampoen madeg ratoe ing nagari Singasari, apeparab Sang Amoerwaboemi, saha abanḍa wani baḍé nggepoek nagari Kadiri. Pangandikani- poen Sang Nata Ḍanḍanggenḍis: „Sapa baja bisa ngalahaké djeneng ingwang. Déwa ing Soeralaja mbok manawa moeng