87
nama Pandji Saprang. Panḍaḍanipoen kakoeng, anama Agnibaja, déné woeragilipoen èstri, wastanipoen Dèwi Rimboe. Sakawan poenika patoetanipoen Kèn Angrok kalijan Kèn Ḍeḍes.
Wondéné Kèn Angrok waoe taksih gaḍah selir, awasta Kèn Oema, poenika gaḍah anak sakawan, pambadjengipoen djaler nama Pandji Tohdjaja, panenggakipoen djaler anama Pandji Soedatoe, pandaḍanipoen inggih djaler, wastanipoen Toewan Wregola, déné woeragilipoen èstri, namanipoen Déwi Rambi.
Dados anakipoen Kèn Angrok goenggoengipoen wonten sanga, ingkang djaler pitoe, ingkang èstri kalih.
Katjarijos talatah sawétanipoen redi Kawi samangké kawengkoe ḍateng Kèn Angrok. Sareng Kèn Angrok sampoen madeg ratoe, tetijang Toemapel sadaja sami adjrih asih, sanget soemoengkemipoen ḍateng ratoenipoen.
Gentos ingkang tjinarijos, ing nagari Daha wonten ingkang djoemeneng ratoe, adjedjoeloek Praboe Ḍanḍanggenḍis, lakar sampoen pinasṭi ing karsaning djawata, anoedjoe satoenggaling dinten Sang Nata mijos sinéwaka. Ing paséwakan ngrikoe Sang Praboe ngandika ḍateng para panḍita ing Daha: „Hèh para panḍita agama Siwah lan para panḍita agama Boeda, apa daroenané déné para panḍita ora kasdoe njembah marang djeneng ingsoen, djer ingsoen iki woes prasasat Baṭara Goeroe." Para panḍita ing saindenging djadjahan Kaḍiri ingkang sami wonten ing pasowanan mangsoeli: „Doeh poekoeloen, ing salaminipoen boten wonten panḍita njembah ing ratoe." Sang Praboe ngandika malih: „Jèn ta bijèn doeroeng ana panḍita njembah ing ratoe, ing samangko sira njembaha marang djeneng ingsoen. Manawa sira doeroeng weroeh kasaktèn ingsoen, mara delengen!"
Sang Praboe Ḍanḍanggenḍis ladjeng ngadegaken waos, lanḍéjanipoen tinantjebaken ing siti. Poetjoeking waos ladjeng linenggahan sarwi ngandika: „Hèh para panḍita, mara