Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

86

wa, awit angger tijang sampoen soemerep, jèn ḍoewoeng poenika gaḍahanipoen poen Keboidjo, dipoen anggé saben dinten. Alokipoen tetijang ing Toemapel: „Kalingané djeboel si Keboidjo sing wani-wani njidra Sang Toenggoelametoeng, awit wis tetéla kerisé kari toemantjeb ing djadjané Sang koewoe. Ora ana lijané manèh sing mradjaja Sang Toenggoelametoeng kadjabané si keparat Keboidjo." Kala samanten' Keboidjo ladjeng dipoen tjepeng déning para koela-warganipoen Toenggoelametoeng, énggal tinoewek mawi ḍoewoeng damelanipoen Empoe Gandring, dados lan pedjahipoen.

Wondéné poen Keboidjo waoe gaḍah anak djaler satoenggal, namanipoen Maisaranḍi. Sapedjahing bapakipoen, Maisaranḍi waoe sanget prihatosipoen, Kèn Angrok ngantos kamiwelasen, mila ladjeng kinaṭik.

Sinigeg, sampoen dados karsaning déwa, Kèn Ḍeḍes pantjèn baḍé dados djatoe-kramanipoen Kèn Angrok. Ḍasar sampoen antawis lami Kèn Angrok anggènipoen kasmaran ḍateng Kèn Ḍeḍes, sinoepé-soepé boten soepé, ginagas-gagas sangsaja ngranoehi. Tetijang sanagari Toemapel boten wonten ingkang koemawani maoni solah-bawanipoen Kèn Angrok, dalasan para koelawarganipoen Toenggoelametoeng inggih boten wonten ingkang abanḍa wani ngaroebiroe kalakoeanipoen Kèn Angrok, wekasan Kèn Ḍeḍes dados djatoe-kramanipoen Kèn Angrok.

Kotjapa, kala samanten Kèn Ḍeḍes sampoen nganḍeg tigang woelan, tilaranipoen sang koewoe Toenggoelametoeng. Ewadéné Kèn Angrok boten saranta ngentosi pambabaring baji, kabekta saking sangeting kasmaranipoen, temahan Kèn Angrok kalijan Kèn Ḍeḍes sami pepasihan, kakalihipoen atoet roekoen kados mimi lan mintoena. Sareng sampoen doemoegi lèkipoen, Kèn Ḍeḍes mbabar medal djaler, inggih poenika patoetanipoen Toenggoelametoeng ingkang sampoen nemahi séda. Djabang baji ladjeng kanamakaken Anoesapati, peparabipoen Pandji Anengah.

Dangoe-dangoe Kèn Ḍeḍes anggènipoen krama angsal Kèn Angrok sampoen nggarbini. Sareng sampoen doemoegi ing mangsanipoen, Kèn Deḍes mbabar medal djaler, kanamakaken Maisawongateleng. Ladjeng patoetan malih kakoeng,