Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

85

tembé kowé ora woeroeng mati déning keris ikoe, mangkono oega anak poetoemoe, goenggoeng ratoe pepitoe bakal nemahi pati djalaran keris ikoe." Sasampoenipoen prasapa makaten, Empoe Gandring ladjeng tilar donja.

Kèn Angrok sanget ngoengoenipoen, déné Empoe Gandring ngantos manggih tiwas, temah saklangkoeng panalangsanipoen. Noenten aprasetya: „Ing tembé jèn akoe bisa dadi wong geḍé sarta loehoer, anak poetoené Empoe Gandring panḍé ing Loeloembang bakal dakwales kabetjikané." Kèn Angrok toemoenten soemebroeng wangsoel ḍateng Toemapel.

Gentos katjarijos, Toenggoelametoeng waoe kagoengan abdi kekasih, anama Keboidjo, poenika kalijan Kèn Angrok sampoen dados mitra sinarawèdi. Anoedjoe satoenggaling dinten, Keboidjo waoe soemerep Kèn Angrok njangkelit ḍoewoeng énggal, oekiranipoen kadjeng tjangkring taksih wonten rinipoen, woengkoel tanpa djinaboeng. Keboidjo sakala saklangkoeng kajoengjoenipoen kepéngin nganggé. Temboengipoen ḍateng Kèn Angrok: „Kakang Angrok, jèn kowé lega atimoe, akoe kepéngin njilih kerismoe ikoe." Kèn Angrok ngleksanani, doewoeng énggal dipoen oeloengaken ḍateng poen Keboidjo, noenten dipoen sangkelit. Saking remenipoen, ḍoewoeng waoe prasasat boten naté dipoen sèlèhaken, dipoen anggé ḍateng ing poendi-poendi, ngantos tijang sanagari Toemapel soemerep, jèn poen Keboidjo gaḍah ḍoewoeng énggal, dipoen sangkelit wira-wiri.

Anoedjoe satoenggaling daloe, ḍoewoeng waoe dipoen tjolong déning Kèn Angrok. Ing wantji daloe poenika oegi Kèn Angrok loemebet ing dalemipoen sang koewoe. Sareng sampoen sirep tijang, Kèn Angrok énggal moeroegi pasaréanipoen sang koewoe. Sampoen pinasṭi ing karsaning djawata, kala samanten boten wonten tijang ingkang soemerep. Toenggoelametoeng kepanggih saré, ladjeng dipoen toewek kalijan ḍoewoeng waoe ngantos nemahi séda kapisanan. Kèn Angrok énggal medal ing djawi, déné ḍoewoeng jasanipoen Empoe Gandring waoe taksih toemantjeb ing djedjantoeng, pantjèn katemaha katilar ingrikoe.

Endjingipoen ḍoewoeng kapanggih toemanem ing djadjanipoen Toenggoelametoeng, Keboidjo ingkang kénging pandak-