Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

83

Ḍanjang Lohgawé koela soewoeni idin, wangsoelanipoen boten najogani, temboengipoen: Koeloep, akoe ora kedoega ngidini marang wong sing arep ngalap bodjoning lijan. Déné jèn kowé arep ngleksanani karepmoe, ija kono, mangsa boḍoa. Ingkang poenika, pak Bango, samangké koela neḍa idin ḍateng sampéjan, koewoe Toemapel kaparenga koela pedjahi sarana lampah tjidra, sampoen ngantos manggih reribed satoenggal poenapa."

Ki Bangosamparan mangsoeli: „Ija betjik, tolé, akoe mangajoebagja anggonmoe arep lakoe tjidra matèni sang Toenggoelametoeng sarana keris. Nanging kawroehana, anggèr, sang koewoe Toemapel ikoe banget tegoeh timboelé, djaréné ora teḍas tapak paloené panḍé sisaning goerinda. Jèn arep koksoedoek karo keris sing ora ampoeh, akoe koewatir mbok manawa ora olèh gawé. Moelané prajogané kowé menjanga Loeloembang, ing kono akoe doewé mitra sinarawèdi, djenengé Empoe Gandring, ikoe pinter gawé keris. Keris gawéané ampoeh-ampoeh, singa katradjang keris jasané Empoe Gandring ora bakal minḍo-gawèni, sapisan baé masṭi mati ora ndjaloek banjoe. Moelané kowé di-kebat mronoa, Empoe Gandring konen nggawèkaké keris, jèn wis rampoeng, noeli enggonen mradjaja sang Toenggoelametoeng!" Makaten wewelingipoen Ki Bangosamparan ḍateng anakipoen angkat.

Kèn Angrok samangké lega manahipoen, kados boeboek angsal lèng. Witjantenipoen: „Sampoen, pak, koela sampéjan lilani mangkat ḍateng Loeloembang, sampéjan kantoena wiloedjeng!"

Kèn Angrok énggal késah saking Karoeman, lampahipoen ngener Loeloembang. Boten antawis dangoe sampoen kepanggih kalijan Empoe Gandring, keleres njamboet damel wonten ing boesalèn. Kèn Angrok apitakèn: „Koela noewoen, kjai, poenapa sampéjan ingkang wasta Empoe Gandring. Jèn kapara njata, koela moegi sampéjan damelaken ḍoewoeng ingkang ampoeh sanget, koela wangeni gangsal woelan, sampéjan gelak, sampoen tan boten!"

Wangsoelanipoen Empoe Gandring: „Mbok sampoen kesesa makaten, ki sanak, sinten tijangipoen saged damel ḍoewoeng