Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

82

poen bapak, koela moegi sampéjan lilani moendoer. Sampéjan kantoena basoeki!" Sang brahmana pitakèn: „Kowé arep menjang ngendi, koeloep?" Kèn Angrok mangsoeli: „Koela baḍé késah ḍateng Karoeman, soemedya madosi botoh main, anama Bangosamparan, poenika kala roemijin sampoen ngaken anak ḍateng koela, saha sanget asihipoen ḍateng koela. Poenika baḍé koela tantoen, mbok manawi njonḍongi." Ḍanjang Lohgawé soemamboeng: „Betjik, koeloep, jèn mangkono, kowé saiki di-kebat menjang Karoeman! Moeng baé wekaskoe, kowé adja soewé-soewé ana ing Karoeman." Kèn Angrok mangsoeli: „Sampoen koewatos, bapak, boten- botenipoen koela baḍé kelamèn ingrikoe, djer poenika tanpa damel."

Kèn Angrok énggal mangkat, ing margi boten katjarijos, sampoen doemoegi ing Karoeman kepanggih kalijan poen Bangosamparan, noenten dipoen bagèkaken: „Kowé apa paḍa slamet tekamoe ing kéné, tolé? Wis antara lawas akoe ora weroeh kowé, saiki kaja ngimpi akoe ketemoe monèh karo kowé. Kowé kok nganti lawas ora ana ngaton ikoe ana ingendi?"

Wangsoelanipoen Kèn Angrok: „Koela wonten ing nagari Toemapel, pak, soewita ḍateng sang koewoe Toenggoel-ametoeng. Ḍateng koela mriki, baḍé minta sraja ḍateng sampéjan. Garwanipoen sang koewoe waoe nalika teḍak saking kréta njampingipoen nglingkab, temah ketingal wewadosipoen moeroeb moebjar kados latoe. Lan malih moegi ndadosna kawoeningan, wonten brahmana énggal mangké ḍateng angadjawi, awasta Ḍanjang Lohgawé, poenika sampoen ngaken anak ḍateng koela. Sareng koela pitakèni bab poenika, wangsoelanipoen makaten: Wong wadon kang kaja mangkono ikoe oetama-oetamaning wong wadon, ija ikoe sing diarani nariswari. Ikoe tanḍané wong wadon kang betjik ḍéwé, wataké nggawa begdja. Sapa-sapa sing ngepèk bodjo, masti geḍé daoelaté, bakal madeg ratoe anjakrawarti. Ing mangké pikadjeng koela, pak Bango, koela kepéngin sanget dados ratoe. Toenggoelametoeng baḍé koela pedjahi sarana lampah tjidra, garwanipoen baḍé koela pendet, soepados kaleksanana pikadjeng koela dados ratoe. Nanging sareng