81
tjangkrama kalijan ingkang garwa ḍateng taman Bobodji, kaḍèrèkaken para abdi. Tindakipoen Kèn Ḍeḍes mawi nitih kréta. Kados sampoen pinasṭi ing karsaning djawata ingkang linoehoeng, sareng teḍak saking kréta njampingipoen nglingkab, kéngis wentisipoen ketingal wewadosipoen, moeroeb moebjar kados latoe. Keleres kasoemerepan ḍateng Kèn Angrok, ndadosaken ngoengoening manahipoen. Kèn Angrok sakala kegiwang, kesengsem ningali ajoenipoen, dasar Kèn Ḍeḍes gandes loewes rinengga ing boesana, sampoen kados Déwi Ratih angédjawantah. Satemah Kèn Angrok sanget kasmaranipoen, solahipoen anggoeng woejoeng apojang-pajingan.
Sakondoeripoen Toenggoelametoeng saking patjangkraman, Kèn Angrok énggal manggihi bapakipoen angkat Ḍanjang Lohgawé, temboengipoen: „Bapak, wonten tijang èstri ketingal moeroeb wewadosipoen kados latoe, poenika tjihna saé poenapa awon, koela moegi kaserepna ing tegesipoen." Ḍanjang Lohgawé mangsoeli sarwi pitakèn: „Sapa baja wongé ikoe, koeloep?" Kèn Angrok soemaoer: „Sajaktosipoen, bapak, koela naté soemerep tijang èstri ingkang kados makaten." Ḍanjang Lohgawé witjanten malih: „Jèn ana wong wadon kang kaja mangkono ikoe, nariswari arané, ija ikoe moesṭikaning wong wadon. Sanadyan wong lanang papa widjiling pidak padarakan, manawa rabi olèh wong wadon kang kaja mangkono ikoe, wis masṭi bakal dadi ratoe anjakrawarti."
Kèn Angrok sawatawis dangoe kèndel, kèwedan manahipoen, wasana matoer saloegoenipoen: „Bapak, walèh-walèh poenapa, sajaktosipoen tijang èstri ingkang ketingal moeroeb wewadosipoen, poenika garwanipoen koewoe Toemapel. Jèn makaten bapak, sang koewoe baḍé koela tjidra mawi doewoeng, manawi bapak ngidini, koela baḍé mangkat sapoenika oegi." Sang brahmana njelani: „Anakkoe anggèr, Toenggoel-ametoeng sajakti bakal mati déning kowé. Moeng baé koeloep, akoe ora wadjib ndjoeroengi kekarepanamoe kang kaja mangkono ikoe, awit ikoe doedoe wataké panḍita. Ija emboeh karepmoe, mangsa boronga kowé."
Kèn Angrok witjanten malih: „Manawi makaten karsani-Jav. Leesboek
6