80
Gentos katjarijos, ing pratapan Panawidjèn wonten satoenggaling panḍita Boeda mangoen tapa, awasta Empoe Poerwa, agaminipoen Mahajana. Poenika gaḍah anak èstri satoenggal, lairipoen nalika pijambakipoen dèrèng ngrasoek agami Mahajana. Laré èstri waoe soelistya ing warni, anama Kèn Ḍeḍes. Saking ajoenipoen ngantos kaloka kadjana prija, ing talatah sawétaning redi Kawi boten wonten ingkang ngimbang-imbangi, saéngga kawartos ing Toemapel.
Sareng kemirengan ing Toenggoelametoeng, sang koewoe énggal teḍak ḍateng Panawidjèn, ndjoedjoeg ing paḍépokanipoen Empoe Poerwa. Ingrikoe kepanggih kalijan Kèn Ḍeḍes. Kala samanten sang panḍita pinoedjoe boten wonten ing patapan, sang dyah koesoemaning ajoe énggal karagaḍa kabekta mladjeng. Saḍatengipoen Empoe Poerwa, paḍépokan ketingal sepen, anakipoen èstri pinanggih boten wonten, boten soemerep jèn sampoen kaḍoesṭa déning koewoe ing Toemapel. Satemah sanget bramantyanipoen, ladjeng ngipat-ipati: „Sing nggawa minggat anakkoe, moega-moega ora lastaria olèhé moekti sih-sinihan, nemahana pati tjinidra sinoedoek ing keris. Lan maningé wong ing Panawidjèn, moega-moega paḍa kekoerangana banjoe, bèdjiné sing diangsoni asata, soemberé mampeta, awit wis dosa marang akoe, déné ora wewarah anakkoe diroda-paripeksa ing wong. Lan manèh panoewoenkoe marang Hjang Soeksma kawekas, anakkoe kang wis moelang wadining ngèlmoe kang agawé pepaḍang, moega-moega langgenga nemoe karahajon lan kabegdjan kang linoewih." Makaten esotipoen Empoe Mahajana ing Panawidjèn.
Kotjapa lampahipoen Kèn Ḍeḍes, sakeḍap, sampoen doemoegi ing Toemapel, ladjeng kabekta ing tilam sari ḍateng Toenggoelametoeng, rinoengroem saha ingarih-arih mawi temboeng manoara pamikat sih. Sang koewoe saklangkoeng bingah, déné sampoen kadoemoegèn ing sedyanipoen, sagoenging sih kasok ḍateng ingkang garwa. Boten antawis lami Kèn Ḍeḍes ngidam-iḍam kaworan.
Anoedjoe satoenggaling dinten, Toenggoelametoeng karsa