Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

79

tjakra, tangané sing kiwa ana gambaré boekoer, djenengé Kèn Angrok. Wis katon ing poedja-samadikoe, jèn pantjèn titising Baṭara Wisnoe, wewekasé doek ana ing Djamboedwipa mangkéné: „Hèh Danjang Lohgawé, woes watara lawas anggonira memoedja artja pepetan ingsoen, nanging ingsoen noedjoe ora ana ing kono, awit ingsoen wis nitis ing manoesa ana ing tanah Djawa, djenengé Kèn Angrok. Poma, sira toet boeria djeneng ingsoen, ingsoen golèkana ing patopan."
Inggih sajaktos, boten dangoe anggènipoen ngoepadosi, Kèn Angrok sampoen kepanggih wonten ing papan ngabotohan. Sareng dipoen waspaosaken, sajaktos tjèples kados ingkang ketingal ing salebeting poedjasamadi. Enggal dipoen pitakèni: „Apa kowé, tolé, sing aran Kèn Angrok?" Kèn Angrok énggal rinangkoel, temboengipoen: „Kowé dakpèk anak, tolé, lan maningé kowé arep daklaboehi ing sadjroné doekanastapa. Adja koewatir, anggèr, akoe kang bakal ngemong kowé saparan-paranmoe."
Kèn Angrok toemoenten ontjat saking Talloka, ndjoedjoeg ing Toemapel, Danjang Lohgawé boten kantoen. Saḍatengipoen ingrikoe ḍasar sarwi keleresan. Ingkang dados antjasing manah baḍé séba ingarsanipoen koewoe ing Toemapel, adjedjoeloek Toenggoelametoeng. Kala samanten koewoe Toenggoelametoeng mijos sinéba ing paséwakan, goepoeh anggènipoen mbagèkaken datengipoen sang brahmana: „Doeh poekoeloen dwidjawara, koela ngatoeri soegeng ing rawoeh paḍoeka. Ing poendi ingkang pinangka, sinten ingkang sinambat ing wewangi, saha poenapa ingkang sinedya, déné saweg nembé ketingal."
Ḍanjang Lohgawé soemaoer: „Koela noewoen, anggèr, poen bapa mentas ḍateng saking sabrang, nama koela Ḍanjang Lohgawé. Antjasing manah, manawi ndadosaken parenging panggalih, koela kalijan anak koela angkat, anama Kèn Angrok, kepéngin baḍé soewita ing sampéjan."
Toenggoelametoeng mangsoeli: „Manawi paḍoeka kasdoe lereb wonten ingriki, saèstoe baḍé ndadosaken soeka bingahing manah koela." Ngantos lami pasoewitanipoen Ḍanjang Lohgawé ing Toemapel, ingrikoe boten katjarijos.