78
poelan, akoe daknjenjapoe ing goenoeng Ledjar." Makaten wewelingipoen nini Panitikan.
Kèn Angrok boten soewala, ladjeng loemampah ḍateng redi Ledjar. Sareng sampoen ndoengkap dinten Rebo Legi, para déwa jektos sami kempalan baḍé ginem raos. Kèn Angrok nḍelik ing pawoehan, énggal ingoeroegan roempoet déning nini Panitikan. Sanalika poenika oegi wonten gara-gara ḍateng, goemoeroeh oengeling swara pepitoe, geter, pater, linḍoe, ketoeg, kilat, lésoes saha aliwawar, binaroeng djawah salah mangsa, tédja wangkawa koemelap tanpantara. Ingrikoe ladjeng wonten swara doemeling tanpa kenḍat, oemoeng goemoeroeh atri pinḍa ampoehan. Makaten soeraosing rembagipoen para djawata ingkang saweg sami maheman: „Kang bakal mengkoe noesa Djawa ikoe rak adjar kang linoewih." Para déwata waoe sami ngandika gentos-gentos, sadaja sami kepéngin oeninga, sinten baja ingkang badé djoemeneng ratoe mengkoe noesa Djawi.
Baṭara Goeroe meḍar sabda: „Hèh para déwa, wroehanira, sadjatiné ingsoen apepoetra lanang sidji aroepa manoengsa, kang nglairaké ing martjapada wong wadon ing Pangkoer, ikoe kang bakal amengkoe tanah Djawa." Kèn Angrok boten katalompèn, djedoel medal saking panḍelikanipoen ing pawoehan, ngatingal ḍateng para déwata. Sanalika poenika oegi para djawata ladjeng sami mangajoebagja, saha saijeg aparing abiséka: Baṭara Goeroe, kaèstrènan mawi soerak ambal-ambalan.
Kèn Angrok ladjeng ḍinawoehan ing para déwa, ngaken bapa ḍateng brahmana anama Danjang Lohgawé, ingkang saweg ḍateng angadjawi saking tanah Djamboedwipa. Brahmana waoe sampoen wineling manggihi Kèn Angrok wonten ing Talloka. Inggih poenika milaboekanipoen sawétaning redi Kawi wonten brahmana.
Wondéné ḍatengipoen Danjang Lohgawé ing tanah Djawi boten mawi baita, namoeng noempak ron katang tigang lembar kémawon. Saḍatengipoen ing tanah Djawi ndjoedjoeg ḍoesoen Talloka, noenten mider-mider ngoepadosi Kèn Angrok. Pangoenandikanipoen: „Ana botjah dawa tangané, nganti ngliwati ḍengkoelé. Tangané sing tengen ana tjiriné