77
Angrok ladjeng aprasapa: „Sawétaning goenoeng Kawi bakal ora ana adjar, kang ora kasinoengan kasampoernaning ngèlmoe darmakantjana." Kèn Angrok énggal wangsoel saking Kabalon, nedya ngoengsi ḍateng Toerjantapada. Ki adjar ing Asramabapa temahan poetoes ing ngèlmi darmakantjana.
Boten antawis lami Kèn Angrok miroeda saking Asramabapa, ndjoedjoeg ing ḍoesoen Toegaran, ananging Ki boejoet ing Toegaran boten poeroen tampi, wekasan tetijang ing Toegaran binantjana ḍateng Kèn Angrok. Retja gopala ing Toegaran kapenḍet, ladjeng kabekta ḍateng Asramabapa. Anoedjoe satoenggaling dinten, Kèn Angrok mranggoeli anakipoen èstri Ki boejoet ing Toegaran saweg nanem katjang ing pagagèn. Énggal dipoen poṭa-poṭa, ladjeng kinelonan wonten ingrikoe. Boten antawis dangoe, katjangipoen kawaḍahan ing kanḍi. Inggih poenika mila boekanipoen katjang Toegaran ketingal klimis saha goerih raosipoen.
Kèn Angrok noenten ontjat saking Toegaran, mantoek ḍateng Asramabapa malih. Panglotjitanipoen: „Jèn akoe ing tembé dadi wong, Ki adjar ing Asramabapa masṭi bakal dakgandjar roepa slaka, minangka pamaleskoe marang kabetjikané."
Kotjapa ing nagari Daha sampoen angsal pawartos, jèn Kèn Angrok taksih alampah resah, saha oempetan ing Toerjantapada, mila énggal oetoesan njirnakaken Kèn Angrok saking nagari Daha. Sareng Kèn Angrok mireng pawartos, jèn baḍé dipoen tjepeng ing oetoesan saking nagari Daha, boten katalompèn ladjeng miroeda saking Asramabapa, ngoepados pangoengsèn ing redi Poestaka. Saontjatipoen saking ngrikoe, ladjeng ngoengsèkaken gesang ing Limbéhan. Ki boejoet ing Limbéhan sareng dipoen oengsèni Kèn Angrok sanget welasipoen, ladjeng dipoen soekani ponḍokan.
Woesana Kèn Angrok noenten késah ḍateng Raboet keḍoeng Panitikan, soemedya nenepi. Ingrikoe angsal wewangsit kinèn késah ḍateng Raboet redi Ledjar. Oedjaripoen nini ing Panitikan: „Ing dina Rebo Legi, woekoe Warigalit, para déwa arep paḍa koempoelan perloe paḍa goenem rasa. Koeloep, sira arep soenbijantoni, soemoempetaké ing kono, soepaja adja ana sing weroeh. Manawa para déwa paḍa koem-