Menyang kontèn

Kaca:Jaka Sumarandana.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kareping kang amamad mandi panduming tuwuh tana mbandhingi badharing·kawidagdan. 8. Dadya ing tanpa siring serenging sarananing akundhangan dewa daweg ing mangke wayahe darbe kakalih sunu seneng sanalika laganing kang umulat lir penda kaduking anemu nayakaning kasawargan sanggone esthi ingaran widadari Supraba Tilottama . 9. Temening dadi sam bat eluning mangke mangkana mageng winastan Dewi Lodhaya wastane ingkang anem jujuluk Raja Tunjungkbang kang mastani pangelalaning kang warta wetuning suhur suwarnaning adi langka lengkeping netya sun sundel menang amanis Wones ing pasariran. 10. Ragi ing celak cela tan olih palaning pantes ing saniskara kabeh kapari polahe ora iwang tiniru teraping asllah saliring riribaning wadana dumuning ing luhung lumrah endahing winuryan yayah lir pendah ing sapadha pandusi tulis gambar lepiyan. 15