Kaca:Het boek Adji Såkå.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Wonten tiyang agadhah cariyos :  bénJing pulo Jawi :  enggal laminipun  boten kinanten  badhé suyud dhateng nagari Ngerum sarta asok bulu bekti dhateng ing Mekah, nanging bilih sampun angsal pitungatus taun karsaning Gusthi Kang Maha Agung: annitahaken  Rathu ing tanah  Jawi ingkang dipun kithani : anama ing Galuh, Rathu ageng mondra guna sarta sekti, anangnging agaminipun tata Buda, sarta boten sumêrep ing sastra, jujulukking Rathu Prabu Shindula. Sasirnanipun Rathu punika, dipun gentosi ing Rathu murka, apurun dhateng tiyang sepuhipun, Rathu punika mongsa tiyang, angalih kadhaton dhateng ing Mendhang Kamolan kaprenah sawetannipun kitha ing Demak, kala semanten taksih dereng wonten sastra. Anunten badhé wonten Bramana sekti ange-Jawi, ajujuluk Aji Saka, pinangkanipun saking sabrang. Punika sampun tinakdir ing Gusthi Kang Agung, badhe anyelani jumeneng Rathu wonten ing pulo Jawi, nanging boten ngantos lami “karatonipun rinacut déning Gusthi Kang Agung, Pringaken dhumateng ingkang gadhah luluri karaton Jawi. Mila kapecat karatonipun amargi Aji Saka kasiku dhateng Gusthi Kang Agung. Lajeng dados Rathuning lelembut.

Sadéréngipun wonten Rathu, ing tanah Jawi sakalangkung saking dahuru, patrapipun tiyang angupados tedha, sami pendhet-pinendhetan, sinten ingkang rosa angsal, wondéning agaminipun tata Buda, kajeng : séla : ingkang dipun puja. Anunte